Selasa, 30 Desember 2014

Legenda Gunung Kemukus


Narasumber : Dwi Margono ( Gus Dwi ) Juru kunci Gunung Kemukus keturunan ke-16

Gunung Kemukus kuwi mbiyene alas sing amba, ora ana penghuni babar pisan. Nalika mbiyen ana putra Raja, jenenge Pangeran Samudra sing dikubur ing Gunung Kemukus. Crita lengkape kaya mangkene :
Pangeran Samudra kuwi anak saka Raja Brawijaya. Anak kakung ragile Raja Brawijaya. Wektu kuwi Raja Brawijaya sing dadi raja ing Kerajaan Majapait. Nalika mbiyen ana geger sing padha ngrebutake kekuasaan lan wektu ana perang kuwi Raja Brawijaya kalah. Banjur kangmas-kangmase Pangeran samudra padha lunga dhewe-dhewe. Nanging Pangeran Samudra ora padha melu lunga kangmase. Pangeran Samudra malah melu ibu tirine yaiku Dewi Ontrowulan. Dewi Ontrowulan kuwi selire Raja Brawijaya. Dewi Ontrowulan ngajak Pangeran Samudra menyang  dulur tuwane utawa kangmase yaiku Sultan  Fatah sing dadi Raja Demak sing kepisan. Amarga wektu kuwi Pangeran samudra isih cilik, dheweke disantrine utawa dipondhokne. Pangeran Samudra dipondhokne ing salah sijine Padepokan. Padepokan kuwi jenenge Padepokan Kadilangu ana ing sangisore pimpinan Sunan Kalijaga. Sawise 3taun Pangeran Samudra mondhok ing Padepokan Kadilangu, dheweke bisa mahami ilmu agama, pendidikan lan ilmu-ilmu liyane. Lajeng Pangeran Samudra saiki balik ing Kerajaan Demak. Dheweke nyuwun pirsa marang kangmase.
“ kangmas, aku kudu kepiye saiki aku uwis ora ana ing pondhok maneh ?”,
“dinda, amarga dinda wong ulama sebarna agamamu. Agama anyar sing ing Demak jenenge agama Rasul, apa maneh mbiyene ing kana agamane hindhu, budha.”
“inggih kangmas, aku bakal nampa perintahmu!”
“dinda, isih ana siji maneh sing kudu mbok lakokake. Dinda kudu goleki lan ngreketake maneh kangmas-kangmasmu sing padha lunga dhewe amarga Raja Brawijya kalah, mula saka kuwi bisa ngrangkul Kerajaan Majapait bareng-bareng.”
“Inggih, sendhika kangmas.”

Pangeran Samudra ninggalne kerajaan Demak lan Pangeran Samudra dikon lunga ing lereng Gunung Lawu supaya bisa berguru marang Ki Ageng Gugur, selain dadi musafir Pangeran Samudra goleki dulur-dulure ben bisa dadi siji maneh. Nalika dheweke nyebar agama islam Pangeran samudra berguru karo sapa wae sing dianggep mampu lan duwe kaanugrahan utawa apa wae sing durung diduweni Pangeran Samudra. Nalika tekan pundhak kiwa dheweke ketemu karo Ki Ageng Gugur. Ki Ageng Gugur kuwi wong sing sakti mandraguna. Ki ageng Gugur ing Gunung Lawu gawe padepokan jenenge Padepokan Ki ageng Gugur. Banjur Pangeran Samudra berguru marang Ki Ageng Gugur. Dheweke diajari babagan ilmu islam sing temenan.
Pangeran Samudra jelaske tujuane mrono yaiku pengin gabungne dulur-dulure dadi siji supaya mlebu agama islam, sawise kuwi  Ki Ageng Gugur jelaske yen dheweke ki kangmase.
“aku iki sanyatane kangmasmu amarga kowe jelaske tujuan mau, amarga kuwi aku gelem melu ing Demak dan adimas neruske mlakumu yen uwis awake dhewe balik bareng-bareng dinggo gawe agama anyar ing Demak jenenge Demak Bintoro.”
Sawise kuwi Pangeran Samudra lunga lan neruske mlakune dinggo nyebar agama islam. Saka kangmas-kangmase ana sing gelem mlebu islam lan iya ana sing ora gelem mlebu islam. Banjur dheweke mlaku turut dalan nglewati desa-desa. Dheweke pethuk Kyai Kamaliman. Kyai Kamaliman kuwi musafir lan ulucumbu/pendherek. Kyai Kamaliman pengin ngabdi utawa ndherek Pangeran Samudra nyebar agama islam. Nalika tekan salah sijine panggonan kayata Desa Alaskobong, Desa Bogorame, Desa Doyong, Desa Modra lan kuwi kabeh papan sing pernah dilewati lan dinggo leren Pangeran Samudra.
Sawise tekan Barong Pangeran Samudra sakit lan seda ing daerah kuwi. banjur Pangeran Samudra di kubur ing dhuwur bukit sing saiki dikenal jenenge Gunung Kemukus. Abdine sing padha melu mau lapor ing Demak.
“Sultan, Pangeran samudra menika gerah lan saniki sampun seda nalika nyebaraken agama islam,”ngendhikane abdi.”
“abdi, adikku makamna ing kulon kali sing ana bukit dhuwure,”jawab Sultan.”
Inggih sendhika dhawuh sultan,”ature abdi.”
Bukit kuwi asline jenenge ora Gunung Kemukus nanging ora ana jenenge amarga mbiyene kuwi alas sing ora ana panguripan. Sawise Pangeran Samudra mati lan arep di kubur ing kono, ing dhuwur kuburane Pangeran Samudra ana asap item banget lan bentuk kerucut 60 derajat bentuke kaya kukusan. Asap kuwi ilange suwe banget akhire dijenengke Gunung Kemukus.
Waktu mbiyen Pangeran Samudra gelem mlebu islam. Dheweke gawe pondhok ing kedung uter. Kedung uter kuwi wonge pinter-pinter kyai mustahal, kyai hanafi dll. Para abdi di makamne ing sekitar Gunung Kemukus amarga mbiyen wektu belanda kabeh padha berguru marang Pangeran Samudra lan sing hafal alquran dimakamne ing sekitar Pangeran Samudra.
Ing sekitar gunung kemukus kuwi ana Sendhang. Jenenge Sendhang Ontrowulan. Sendhang kuwi isih ana gegayutane karo makam Pangeran Samudra. Cerita lengkape kaya mangkene
Jaman mbiyen ing Demak ana ibu sing tresna banget marang anake yaiku Dewi Ontrowuan. Dewi Ontrowulan tresna banget marang anake yaiku Pangeran Samudra. Nalika Pangeran Samudra lagi nglakokake tanggungjawabe nyebar agama islam. Ana kabar sing ngabarke marang Dewi Ontrowulan yen Pangeran Samudra sakit lan mati nalika nyebarake agama islam. Banjur Pangeran Samudra di makamke ing dhuwur bukit kulon kali. Dewi Ontrowulan arep nyusul Pangeran Samudra. Nalika wes tekan pinggir kali Dewi Ontrowulan bingung arep lewat ngendi dinggo nyabrang kali kuwi. Dheweke mung bolak-balik mutar-muter ora bisa nemu carane. Lan akhire daerah kuwi dijenengke kedunguter.  Banjur, sawise uwis tekan bukit kuwi. Nyawa Pangeran Samudra uwis ora ana, Dewi Ontrowulan mung bisa ngrangkul makame Pangeran Samudra.
Dewi Ontrowulan pengin banget ketemu karo Pangeran Samudra. Nanging dheweke bingung kepiye carane ora ngerti. Ora suwe ana suara ghaib sing ngomong
“ibu, yen panjenengan pengin ketemu aku, ing pinggir bukit iki ana sendhang lan ibu siramo ing sendhang kuwi nganti suci. Mangke ibu bisa ketemu karo aku.”   
Dewi Ontrowulan ora mikir suwe, dheweke banjur nglakokake apa sing diomong suara ghaib mau. Sawise siram Gusti Ratu Ontrowulan ngrangkul jenazahe pangeran Samudra. Lajeng kembang rinonce sing dinggo hias rambute kuwi dikibas-kibaske lan tukul wit-wit langka jenenge wit Nagasari. Mbiyene ing alas kuwi ora ana apa-apa mung ana alang-alang sing urip.
Awake Gusti Ratu Ontrowulan ilang secara ghaib. Mula kuwi makame Gusti Ratu Ontrowulan didadekne siji karo makame Pangeran Samudra. Sendhang sing dinggo siram Gusti Ratu mau dijenengke Sendhang Ontrowulan amarga mbiyen sendhang kuwi durung ana jenenge. Sendhang kuwi nganti saiki dipercaya banget. Jarene yen adus ing sendhang kuwi bisa gawe awet enom. 
Cerita Pangeran Samudra kuwi ing mburine ana mitos-mitos ala sing uwis nyebar, kayata kudu nglakoni hal-hal sing ala. Nalika mbiyen arep dikubur ana leluhur sing ngomong yen krungu suara ghaib sing unine kaya iki
“tindhakno apa sing durung tak tindhakne , sapa sing duwe panyuwunan, sing madhep mantep cedhako marang aku kaya kowe arep seneng demenanmu.”
Saka ujaran kuwi tegese kaya mangkene yen awake dhewe lagi duwe panyuwunan, awake dhewe bisa nyuwun nanging syarate iya siji kudu madhep mantep, sing tenanan ora oleh kegoda karo apa wae. Masalah tenan dikabulke apa ora, kuwi urusane karo Gusti sing gawe urip. Nanging uwis akeh wong sing padha buktekne omongan kuwi. Saka ujaran mau wong jawa padha salah nampa amarga SDM wong jawa jaman mbiyen rendah. Wong jawa ngertine yen pengin duwe panyuwunan kudu gawa demenan utawa pacangan. Mitos kaya kuwi isih dipercaya banget nganti saiki amarga mitose uwis akeh sing ngerti.
Nanging miturut cerita asline ora bener, kuwi mung mitos sing nyebar. Yen dipikir,  Pangeran Samudra kuwi anak raja, pemersatu bangsa, lan ulama sing gawene nyebar agama islam. Apa iya ulama nglakokake kaya ngono. Ing daerah kuwi panyuwunan apa wae bakal dikabulke, nyuwun sing apik, ala lan liya-liyane penting sugestine kuat.
Ing Gunung Kemukus ana malem-malem sacral sing ditekani para peziarah yaiku dina laire lan dina kematiane Pangeran samudra. Malem jumat pon sing dadi dina laire  lan malem jumat kliwon dina matine Pangeran Samudra. Ritual sing dilakokake para peziarah kaya kembang wangi sing dipasrahake marang juru kuncine banjur kembange disebar lan sawise kuwi dijupuki maneh. Para peziarah rata-rata padha gaewa pacangan amarga mitos sing uwis nyebar kuwi gedhe banget.
Jaman mbiyen ana cerita, ana wong mataram dheweke lagi duwe masalah. Dheweke bangkrut saiki wonge pengen sugeh. Dheweke ora gelem balik yen durung bisa sugih. Dheweke nginep ing kono pirang-pirang dina. Ing kono uga ana saudagar wadon, dheweke iya bingung amarga lagi ana masalah lan dheweke iya pengin sugih. Wong loro kuwi mau sering ketemu lan suwe-suwe padha tresna. Nalika bengi wong loro kuwi mau ora bisa nahan napsune, wong loro kuwi nglakokake hubungan ing ngisor wit lan gawe janji aing unine kaya ngne
“dik, yen aku uwis sugih  sebagian hartaku kanggo kowe,”omonge wong mataram
“mas, aku iya janji kaya ngono, yen aku sugih sebagian hartaku kanggo sampeyan mas,”jawabe saudagar wadon.”
Sawise padha janji kaya mangkono, wong loro mau nglakoni hubungan nganti puas. Wong loro mau nglakoni ora mung pisan tok nanging yen lagi pengin iya dilakoni wae. Sawise pirang wulan wong loro mau uwis padha sugih kabeh. saka kedadeyan kuwi mitos kaya ngono dipercaya banget karo wong-wong sing duwe panyuwunan.

Ing versi liyane ana sing nyritakake babagan Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan. Jaman mbiyen nalika isih ing Kerajaan Majapait, Ontrowulan selire Raja Brawijaya. Dewi Ontrowulan isih enom  lan ayu banget. Jarak umure karo Pangeran Samudra iya ora adoh. Ora salah yen ana kabar sing nyritakake Pangeran Samudra trsna marang ibu’e dhewe. Wektu kuwi umure Raja Brawijaya uwis tuwa. Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan lunga ing Demak. Nalika ing Demak sering ketemu mungkin ana rasa tresna sing njedul. Nanging tresna kuwi ora kesampaian lan wong loro mlayu ing daerah bukit (Gunung kemukus). Ana hasrat pengin nglakokake hubungan, nanging sadurunge nglakokake uwis konangan karo para prajurit Demak lan di pateni ing kono. Banjur makame dadi siji. ( nanging versi iki ora bener )



Karya “Yunara Ridha”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar