Selasa, 30 Desember 2014

Tradhisi Jawa

SEDEKAH DESA


1.     Definisi sedekah Desa
          Sedekah desa utawa sedekah bumi menika tradhisi jawa ingkang ditindhakaken sedaya warga Desa Soka saben taun. Desa Soka menika desa ingkang kula manggeni saniki. Tradhisi menika ancasipun kangge ngucapaken syukur dhumateng Gusti ingkang maha kuwasa amargi sampun maringi hasil panen ingkang kathah sanget. Tradhisi sedekah desa menika ditindhakaken nalika musim panen apit. Tradhisi menika biasanipun dinten jumat  pon utawa jumat kliwon. Bentuk tradhisi menika yaiku slametan wonten dalemipun Pak RT. Menawi dalu menika wonten Tayub lan siang wonten slametan.

2.    Piranti  Sedekah desa
·   Tumpeng biasanya ada nasi dan lauk-pauk diantaranya mie, sambal goreng, ayam panggang, srundeng, krupuk dan rempeyek.
·      Jajan diantaranya pisang, jadah, rengginan, tape dan wajik
·      Menyan, lemper dan areng
·      Kendi dan air

3.    Pelaksanaan Sedekah Desa
·   Sedaya warga dusun Soka ngempal wonten dalemipun Pak RT kaliyan mbeta tumpeng ingkang sampun disiapaken
· Menawi sampun, tumpeng kalawau dikempalaken wonten ngajeng dados setunggal kaliyan tumpeng sanesipun
·      Mudin majeng wonten ngajeng kangge mimpin doa sesarengan
·      Menyan ingkang wonten lemper di obong kaliyan areng
·  Kendhi ingkang sampun diisi toya disiramaken wonten siti sakiwa tengene menyan ingkang di obong kalawau  kaliyan ngendhikan buyut. . . Buyut
·      Tumpeng ingkang dipun mbeta kalawau dipun dhahar sesarengan

4.    Fungsi Tradhisi
·         Fungsi social : kangge ngraketaken tali asih kaliyan para warga setunggal desa
·         Fungsi religi : kangge njagi keselametan para warga lan menawi boten ditindhakaken wonten warga ingkang nampi kacilakaan

5.    Makna Tradhisi
·         Nyiramaken toya wonten siti kaliyan ngendhikan buyut . .buyut menika kangge ngundhang jawah supados panenipun kedah katah malih
·         Doa-doa ingkang dipunucapaken kaliyan mudin menika anggadhahi makna yaiku kangge ngucapaken syukur dhumateng gusti ingkang maha kuwasa
·         Bakar menyan menika kangge ngusir roh-roh halus


Karya “ Yunara Ridha”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar