Selasa, 30 Desember 2014

Legenda Desa Giren

Asal Mula Desa Giren

Desa Giren, kelurahan Girimargo, Kec.Miri, sing papane sisish kulon kab.Sragen. kira-kira 6-7 saka kec.gemolong lan kira-kira ana 1 jam saka kota Solo. Desa Giren kuwi mbiyen bukit-bukit sing akeh sing akeh, yen ana wong mlaku kudu nglewati dolanan sing nyeremke. Miturut para sesepuh, jeneng Giren kuwi singkatan saka ”Giri Leren” tegese papan lerene sunan Girii wektu lewat ing daerah. Crita lengkape kaya mangkene.
Jaman semana wektu nyebarake agama islam, sunan Giri teka ing salah sijine bukit. Ing bukit kuwi uwis lumayan akeh wong sing urip/tinggal ing daerah kuwi.
Nalika wekyu sholat dhuhur, sunan Giri tinuju salah sijine bukit ing sisih kidul desa kuwi. Sunan Giri golek banyu dinggo wudhu. Nanging ora ana banyu sing ditemokake. Banjur tongkat sing digawa sunan Giri mau ditancepke ing lemah karo ngucapne “bismillahirrahmanirrahim” banjur metu banyu sing bening lan bentuk belik (sumur cilik) nalika tongkat sing ditancepke mau dicabut.
Lajeng, sunan Giri njikuk ceruk (bekas kambil) dinggo njikuk banyu lan digunakake wudhu. Sawise wudhu sunan Giri nglangkahake sikile ing kulon bukit.  Ing dhuwur bukit kuwi sunan Giri nggelar sajadah sing dinggawa lan sunan Giri wiwiti adzan. Nanging sawise adzan ora ana wong sing padha teka dinggo melu sholat jamaah bareng dheweke. Para warga mung isa nonton ritual sing dilakokake sunan Giri saka kadohan banjur sunan Giri nglakokake kanthi khusyuk. Sawise sholat dhuwur sunan Giri nyeluk warga lan wenehi wejangan babagan agama islam.

Banjur uwis  teka wektune sunan Giri nerusake mlakune ing papan liyane. Sawise kuwi papan iku dijenengi Giren tegesi Giri Leren. Nganti saiki banyu kuwi dilestarekake lan papan sing dinggo sunan Giri sholat dhuhur dibangun pondhok cilik sing njerone ana “cungkup” dinggo mendhem ceruk lan tongkate sunan Giri. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar