Selasa, 30 Desember 2014

Pacelathon

Ajaran Pacelathon


Bu lek  : mbak , anak mu Fitri kae kuliyah ana ngendi ta mb ,  kok aku ora tau ngerti ?
Ibu       : walah , kowe ora ngerti ta dhik.
Bu lek : boten kok mb , yen ngerti nggih boten takon mb. 
Ibu       : anakku Fitri kuliyah ana ing UNNES dhik.
Bu lek : wis dadi bocah Semarang tenan ponakan ku saiki
Ibu       : iya dhik wong ya uripe saben dina ne ana ing Semarang kok
Bu lek : lha saiki fitri ana ngendi mb ?
Ibu       : lha kae ana ing omah dhik. Fit . . .renea sik ndhuk
Fitri     : nggih bu , wonten punapa ?
Ibu       : ora ana apa-apa ndhuk. Kepriye kuliyah mu ing UNNES seneng apa ora ?
Fitri     : wahh , remen sanget bu , kancanipun kathah ugi dosenipun
Ibu       : iya wis fit , ibu iya melu seneng yen awak mu bisa sreg karo anggonmu kuliyah
Bu lek : lha anggon mu OSPEK rasane kepriye fit ?
Fitri     : menawi dipunraosaken menika wonten ingkang sekeca kaliyan wonten ingkang boten sekeca
Ibu       : lha kok bisa ngono kepriye fit ?
Fitri     : amargi sekedhik-sekedhik wonten hukumanipin
Bu lek : iya wis pancen sing jenenge golek ilmu iya ana rekasane barang
Fitri     : nggih bulek , menika sampun kula tampi kanthi ikhlas
Bu lek :iya bener kuwi fit ,  lha kepriye rasane dadi bocah kos-kosan ?
Fitri     : ruwet sanget bulek, kula badhe napa-napa kedah piyambak. Dadosipun kula kedah saged ngendum wekdal menika.
Bulek   : o . .ngono ta fit, yen ngono kowe kudu pinter-pinter anggonmu mbagi wektu ben ora sia-sia.
Fitri     : nggih bulek
Ibu       : ya ngono kuwi fit. Dadi bocah kudu pinter lan bener lan karo kanca-kanca kudu padha rukun.
Fitri     : nggih bu, bulek sugeng dalu sugeng sare
Ibu & bulek : iya fit.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar