AJISAKA
Kacarita ing jaman
mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké
putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang
kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah
Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida
mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné loro sing jenengé Dora lan Sambada.
Bareng teka ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro;
Dora lan Sambada ing pulo iku. Déné Aji Saka karo Sembada arep njajah Tanah
Jawa dhisik. Dora diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku Dora wau
dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang
sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdiné, Sembada menyang ing Tanah Jawa.
Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu
Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh
sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé diarani Kyai
Tengger.
Kacarita Aji Saka ana
ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para
siswané padha tresna marang Aji Saka amarga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai
randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya
wis dadi siswané Aji Saka. Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar
duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké
sang nata dadi dhaharané. Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget.
Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora
bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan
kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji
panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu
dhéwé.
Sang
Prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé.
Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya
dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd
ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung
ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Sakbubare
kuwi, Ajisaka diangkat dadi Raja Medang Komulan. Ajisaka eling marang Dora lan
meling Sembada supaya marani lan ngajak Dora urip bareng ing Medang Komulan.
Sembada banjur mangkat marani Dora. Saktekane ing panggonane Dora, Sembada
njaluk kerise Ajisaka lan ngabari yen Ajisaka wis dadi Raja Medang Komulan lan
ngajak urip bareng ing kono. Nanging , Dora eling marang dawuhe Ajisaka supaya
kerise ora oleh dielungke marang sapa-sapa. Sidane, antarane wong loro kuwi
dumadi salah paham lan pada padu. Amarga pada sektine, wong loro mau mati
bareng.
Pirang-pirang minggu urung entuk kabar, Ajisaka sidane mapak loro abdine mau.
Nanging, saktekane ing panggonane Dora, Ajisaka kaget amarga reti loro abdine
uwis dadi bangkai. Susah lan nyesel amarga tumindake kang kurang ati-ati,
Ajisaka banjur nulis tulisan ing godhong lontar. Kang teka saiki
dikenal kanthi Aksara Jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar