Selasa, 30 Desember 2014

Gurit

Lilakna


Lilakna aku lunga, lilakna !
Nyeret sakehing panandhang titipanmu
Embuh menyang endi sikil bakal tumuju
Sagagang kembang mlathi
Uga racikan ukara peni sing rinonce dadi gupitasari
Bakal dadi piyandel rasa kangen ing ati

Lilakna aku bali, lilakna !
Salembar kitir isi gorehing rasa
Aja disuwek najan ora pengaji, najan ora pengaji
Nyatane aku durung kober methik kembang Tanduranmu
Apa maneh ngrasakake manise madu
Mula lilakna aku bali.
O, lilakna aku bali
Senajan sarana nglangi sadawa kali
Prau sing lelayaran kae pancen nyurung tekadku
Nrajang sela-selane ombak nlusup sangisore dahuru

Ambal kebumen, Desember 1997
( Jaya Baya, no. 23-tgl. 8 februari 1997 )


Tidak ada komentar:

Posting Komentar