Tampilkan postingan dengan label Bahasa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Januari 2015

Antya Basa Lan Basa Antya

Antya Basa Lan Basa Antya
Antyä bäsä lan Bäsä Antyä

Tembung ngoko andhap iki ana werna loro, yaiku; Antya basa lan Basa Antya. Sanajan pakartining basa kasebut wis ora klebu etungan ana ing undha usuking basa, prayogane ngreti, apa sebabe ing KBJ I tembung dilebur dadi ngoko alus.
Panèwu lan Mantri iku duwé kalungguhan satimbang. Ing ngisor iki, äntäwacänä antarané Panèwu lan mantra, minängkä patuladhan. Antyäbäsä [AB], bäsä antyä [BA] lan ngoko [N].
1. Panèwu [AB] ; “Sariramu apa bisa nêrangaké têmbung ngoko andhap kang akèh kramané bédané karo ngoko andhap kang akèh ngokoné”.
Mantri [BA]; “Gampil baé yèn wis sumêrêp pathokané, nanging ora käyä pandangumu mau, ora kok kathah kramané utäwä kathah ngokoné mêngkono, pancèn wis binédakaké”.
2. Panèwu [N]: “ Kêpriyé bédané lan pathokané”
Mantri [BA] ; mêngkéné
a. Sami nganggé krama inggil
b. Sami nganggé atêr-atêr lan panambang ngoko
c. Sami nganggé têmbung ngoko kang ora kénging dikramakaké käyä tä: ora, mau, sasaminé, iku ora kênä dikramakaké dadi: botên, wau. Déné têmbung ngoko kang kénging dikramakaké, käyä tä: dhisik, duwé, sasaminé, iku kénging dadi rumiyin dangu.
Luwih gamblangé;
Antyä bäsä : Sariramu tak aturi ngêntèni dhisik: ora suwé.
Bäsä antyä : Panjênêngamu tak aturi ngêntosi rumiyin, ora dangu.
Mantra [ BA] ; Sarèhning änä warni kalih, Ki Padmäsusasträ amènèhi aran: antyäbäsä lan bäsä antyä, amargä pärä pujänggä katilapan ora nganggit prakärä iku, bokmênäwä kagalih saking kêrèmèhên.
[N]. änä pirä bäsä ngoko kang ora kêna dikramakaké.
[BA]. Ora patos kathah, sanès dintên baé tak cublikaké säkä Sêrat Urapsari anggitané Ki Padmäsusasträ, sanèsé kang kasêbut ing sêrat iku kénging dikramakaké sadäyä.
[N]. Mêngko: tä, aku duwé Layang Urapsari nanging ora tau tak wäcä, saking ora pati dhêmên, mung anggêré tuku dadi tak orokaké baé, mêngko tak jupuk sadhélä: gilo.
[AB]. Paringnä, lah iki äpä sing tak aturaké, änä ing käcä sadäsä dumugi kalih wêlas.
[N]. Wacanên baé pisan.
[N]. Iyä.
[AB]. Punikä têmbung ngoko ingkang botên kénging dipun kramakakên mênggahing bäsä antyä, kados tä: änä, êndi, ora, arêp, aku, iki, iku, utäwä, isih, äpä, äjä, iyä, amargä, ênggon, ko, känä, kéné, kono, karo, kapan, kêpriyé, kang, durung, dak / tak, dudu, saiki, sapränä, sapréné, saprono, samänä, saméné, samono, sing, wis, lagi, pirä, dhèk, jaré, mu, mau, manèh, mênäwä, mênyang / marang, mung, mêngko, mangkänä, mêngkéné, mêngkono, baé, nganti.
Atêr-atêr: di, sartä panambang: /é, aké, né/. liya iku sadäyä kénging dikramakaké.
[BA]. Saiki rädä padhang atiku, dadi bäsä kang ora kênä dikramakaké iku käyä tä: iki, yèn dikramakaké dadi punikä, iku ora kênä, awit dadi bäsä.
[BA]. Iyä mêngkono
[AB]. Ingatasé aku mênyang sariramu mung nganggo krämä inggil baé (dhahar) ora ngramakaké têmbung ngoko (abang) srabiné abang dhaharên, äpä ora digsurä.
[BA]. Ora, wis lêrêsé mêngkono, déné yèn karsä ngagêm angramakaké têmbung ngoko sêsêlingan satunggal kalih, srabiné abang dhaharên écä, saya prayogi, ngêtingalaké andhap asoré, nanging bäsä antyä mung kêdah nganggé krama baé, srabiné abrit dhaharên écä.
[N]. Nanging satêmêné prakärä iku ora pati pêrlu, awit ora änä wong calathu marang bangsané dhéwé Ora dimangêrtèni.
[BA]. Aku mung nyumanggakaké panggalihmu.
[N]. Saiki mung kari siji kang diarani ngoko lugu, iku sing êndi.
[BA]. Gampil baé, iya têmbung: aku, kowé, sapanunggalané kang ora kasêlan ing têmbung krämä, krämä inggil, utäwä madyä.
[ki. Padmasusastra]

sumber : https://kidemangsodron78.wordpress.com/kawruh/antya-basa-lan-basa-antya/

Sejarah Bahasa Sanksekerta










Naskah Devimahatmya dari Bihar atau Nepal, abad ke-11.

Kata sifat saṃskṛta- berarti "berbudaya". Bahasa yang dirujuk sebagai saṃskṛtā vāk "bahasa yang berbudaya" secara definisi sudah selalu merupakan bahasa yang "tinggi", dipakai untuk keperluan agama dan keperluan ilmiah serta bertentangan dengan bahasa yang dipakai oleh rakyat jelata. Bahasa ini juga disebut deva-bhāṣā yang artinya adalah "bahasa Dewata". Tata bahasa Sanskerta tertua yang masih lestari ialah karangan Pāṇini dan berjudulkan Aṣṭādhyāyī ("Tata Bahasa Delapan Bab") yang kurang lebih ditarikh berasal dari abad ke-5 SM. Tata bahasa ini terutama merupakan tata bahasa normatif atau preskriptif yang terutama mengatur cara pemakaian yang baku dan bukan deskriptif, meski tata bahasa ini juga memuat bagian-bagian deskriptif terutama mengenai bentuk-bentuk Weda yang sudah tidak dipakai lagi pada zaman Panini.
Bahasa Sanskerta termasuk cabang Indo-Arya dari rumpun bahasa Indo-Eropa. Bersama dengan bahasa Iran, bahasa Sanskerta termasuk rumpun bahasa Indo-Iran dan dengan ini bagian dari kelompok Satem bahasa-bahasa Indo-Eropa, yang juga mencakup cabang Balto-Slavik.
Ketika istilah bahasa Sanskerta muncul di India, bahasa ini tidaklah dipandang sebagai sebuah bahasa yang berbeda dari bahasa-bahasa lainnya, namun terutama sebagai bentuk halus atau berbudaya dalam berbicara. Pengetahuan akan bahasa Sanskerta merupakan sebuah penanda kelas sosial dan bahasa ini terutama diajarkan kepada anggota kasta-kasta tinggi, melalui analisis saksama para tatabahasawan Sanskerta seperti Pāṇini. Bahasa Sanskerta sebagai bahasa terpelajar di India berada di samping bahasa-bahasa Prakreta yang merupakan bahasa rakyat dan akhirnya berkembang menjadi bahasa-bahasa Indo-Arya modern (bahasa Hindi, bahasa Assam, bahasa Urdu, Bengali dan seterusnya). Kebanyakan bahasa Dravida dari India, meski merupakan bagian rumpun bahasa yang berbeda, mereka sangat dipengaruhi bahasa Sanskerta, terutama dalam bentuk kata-kata pinjaman. Bahasa Kannada, Telugu dan Malayalam memiliki jumlah kata serapan yang terbesar sementara bahasa Tamil memiliki yang terendah. Pengaruh bahasa Sanskerta pada bahasa-bahasa ini dikenali dengan wacana Tat Sama ("sama") dan Tat Bhava ("berakar"). Sementara itu bahasa Sanskerta sendiri juga mendapatkan pengaruh substratum bahasa Dravida sejak masa sangat awal.

Manfaat Rosella




Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen. Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang tuwa, godhonge lancip Celsiu telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus. Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan Celsiusur awak. Ing Malaysia malah kanggo suplemen, vitamin kanggo njaga stamina amrih kuwat ora gampang lara.
Jeneng Latin-e Hibiscus sabdariffa, wong Sunda ngarani kembang anggrem, ing Medan jenenge bunga merah. Senajan akeh sing nandur nanging padha ora ngerti kasiyate. Kamangka wohe kena kanggo gawe setrup, digodhog karo gula rasane legi kecut enak kaya frambusen. Mula ana sing ngarani kembang frambusen.
Ing Malaysia, hibiscus diolah dadi teh celup, sele roti, sirup (setrup). Kembang hibiscus ngandhut vitamin A, vitamin C akeh, kalsium sing cukup, ngandhut serat lan mineral. Mula becik kanggo kasarasane mripat, kulit, balung lan pencernaan. Miturut Iwan R Hudaya, sing duwe kebon hibiscus jembar ing Pasar Minggu, Jakarta, dheweke wis suwe nandur hibiscus kanggo bahan sele roti lan sirup. Rasane enak ora kalah karo omben-omben bangsane fanta.
Kembang Celsius werna-werna jinise nanging ing Indonesia kene ana rong jinis, sing godhonge ringgik-ringgik pinggire lan sing alus. Wohe meh padha, mung rada beda wernane. Ing Hawai, Malaysia, Thailand, India, Kuba, tanduran Celsius iki werna-werna jinise. Ana sing kembange wernane wungu, putih, violet, biru, oranye, abang tuwa. Ing kana kembang Celsius digawe teh, diombe kaya yen ngombe teh biasa. Emane ing kene Celsiu Celsius. Kamangka yen saben dina ngombe teh hibiscus awak bakal sehat lan seger merga Celsiusur lancar lan kecukupan sawetara vitamin sarta mineral. Rehne Celsiu ana sing adol teh hibiscus, becike gawe dhewe wae. Kepriye carane gawe omben-omben saka Celsius?

TEH HIBISCUS (ROSELA)
Kembang hibiscus sing wis tuwa tenan diundhuhi banjur dipepe sedina rong dina supaya alum. Yen wis alum dibeleki dijupuki sing ana tengahe (wijine). Wijine kena ditandur. Kelopak hibiscus sing wis dijupuki isine banjur dikumbah nganti resik terus dipepe maneh nganti garing suwene 3-5 dina. Ditutupi Celsius bening supaya ora kena bledug. Yen wis garing teh disimpen ing wadhah sing rapet, siap digawe wedang teh. Carane gawe, mundhuta teh hibiscus sacukupe diseleh gelas banjur dicom banyu umub ditutup sing rapet. Banyu com-coman bakal dadi abang wernane, ditambah gula pasir terus diunjuk anget-anget. Yen disimpen rapet, teh hibiscus bisa tahan nganti 3-6 sasi
SIRUP HIBISCUS
Woh hibiscus (Celsius) sing isih seger lan wis tuwa kehe 500 gram dibuwang isine sing ana njerone nganti resik banjur dikumbah. Bahan tambahan:gula pasir 600 gram, asam sitrat 4 gram, natrium Celsius (kanggo ngawetake) 1-2 gram, botol sing steril 2 iji. Dhisik dhewe nggodhog banyu 8 gelas ing Celsi email (ora kena Celsi aluminium) nganti umub. Kelopak hibiscus banjur dicemplungake, digodhog suwene 20-25 menit, terus genine dicilikake karo tetep diudhak-udhak nganggo sendhok kayu (enthong). Yen banyune wernane wis abang, genine dipateni banjur dientas lan disaring. Cemplungna gula pasir, asam sitrat lan natrium Celsius, diudhak sing rata nganti larut. Banjur digodhog maneh nganggo geni cilik wae nganti umub maneh suwene 5 menit, dientas. Yen wis rada adhem diwenehi Celsius (sari) apel utawa stroberi miturut kasenengane, terus diwadhahi botol disimpen ing kulkas supaya rada awet. Sirup siap diunjuk. Cara iki ora tahan suwe. Yen kepengin sirup bisa tahan rada suwe, botol kudu disterilisasi dhisik (pasteurisasi). Sadurunge diwadhahi, botol digodhog nganti umub kanthi Celsiusure 150-200 derajat Celsius.



artikel kesehatan


Kanggo Nyegah Tumindhak Daksiya Marang Garwa, Suami Perlu Nduweni Wawasan Gender

Keri-keri iki asring kita prangguli pawarta ing laying kabar , sawijining suami dilaporake garwane amarga wis tumindak daksiya marang garwane. Anane Undang-Undang no 23 Tahun 2004 ngenani penghapusan kekerasan dalam rumah tangga pranyata durung kuwagang ngurangi anane tindak kekerasan sajrone rumah tangga. Isih akeh kasus-kasus kekerasan kang ditindakake pihak kakung (suami ) marang bojone, Bab iki amarga sosialisasi kang durung meluas,saengga Undang-undang kasebut durung padha dipahami dening masyarakat. Mesthine kanthi ananke Undang-Undang kasebut para suami kudu pikir-pikir dhisik menawa arep nindakake kekerasan marang garwane, awit akeh ketentuan ing Undang-undang kasebut kang menehi perngayoman marang wanita.
Pengayoman
Kita wajib mangerteni menawa tujuan ananae Undang-Undang kasebut,yaiku kanggo nyegah sakabehing wujud tindak kekerasan sajrone rumah tangga; menehi pengayoman marang korban kekersan sajrone rumah tangga, nindak para pelaku kekerasan sajrone rumah tangga lan njaga wutuhing rumah tangga kang harmonis lan sejahtera. Tumindak kekerasan kang dilarang yaiku kekerasan fisik,psikis,seksual lan penelantaran rumah tangga.
Aja gampang
Aja gampang nindakakae kekerasan,awit korban bisa nglapurake marang pulisi ,kaya kang kasebut ing pasal 26 Undang-Undang kasebut. Kejaba iku, pidana kang bakal tumiba marang pelaku uga abot. Miturut pasal 44, pelaku bisa kena ancaman pidana kunjara lawase 5 taun utawa denda Rp 15.000.000,-.Malahan yen nganti korban nandhang lara utawa tatu abot, bisa dipidana nganti 10 taun utawa denda akeh-akehe Rp 30.000.000,-. Menawa nganti njalari pepati ukuman 15 taun kunjara utawa denda Rp 45.000.000,-.Dene menawa ora nuwuhake lelara utawa alangan kanggo nindakake jabatan uatawa pakaryan ,dipidana paling suwe 4 sasi utawa denda Rp 5000.000,-.. Sabanjure pasal 45 nyebutake menawa tumidak kekerasan kang asipat psikis ana sajrone rumah tangga dipidana paling suwe 3 taun utawa mbayar denda Rp 9.000.000,-. Menawa nuwuhake lelara dipidana 4 sasi utawa denda Rp 3.000.000,-.
Kekerasan seksual bisa dipidana paling suwe 12 taun utawa denda Rp 36.000.000,-. Ing pasal 47 disebutake, Saben wong kang meksa wong kang manggon ing omahe nindakake seasambungan seksual bisa dipidana kunjara paling cendhek 4 taun,lan paling suwe 15 taun utawa denda paling sethithik Rp 12.000.000,- lan palingf akeh Rp.300.000.000,- Ing pasal 48 disebutake, menawa tindak kekerasan seksual kasebut njalari tatu kang abot marang korban lan ora bisa diusadani, utawa njalari gangguan pikiran utawa kejiwaan nganti 4 minggu terus-terusan utawa sajrone setahun nanging ora terus-terusan;gugure utawa matine janin kang ana kandhutan;utawa njalari alat reproduksi ora bisa berfungsi ,dipidana kunjara paling cendhek 5 taun lan paling suwe 20 taun utawa denda paling sethithik Rp 25.000.000,-lan paling akeh Rp 500.000.000,-. Tumindak gawe wong liya sajrone rumah tangga dadi terlantar (kapiran ) bisa dipidana kunjara paling suwe 3 taun lan denda paling akeh Rp 15.000.000,-. Kamangka dheweke wis kaiket dening ukum utawa perjanjen bakal nguripi utawa ngopeni wong kasebut.
Ngilangi
Kanthi anane Undang-Undang kasebut, wis sakmesthine menawa tumindak kekerasan mligine marang wanita kudu diilangi. Sapa wae kudu nyadhari menawa kekerasan iku ora becik. Apa maneh paukumane uga abot yen dilapurake marang pihak kang kawogan yaiku kepolisian. Akibat kekerasan fisik utawa psikis marang korban cukup abot,ora mung tatu-gangguan kesehatan fisik,nanging uga traumatis tumrap korban. Menawa kedadean kasebut ditindakake suami istri , bakal njalari anak uga bakal niru pokale bapakne rikala diwasa. Dene yen anak wadon bakal sengit marang bapakne
Racake pihak kakung kang nindakake kekerasan iku motife werna-werna. Kahanan bawah sadhare pancen kepingin nindakake daksiya kanthi nganiaya umpamane ngantemi,amarga ana sawijing bab kang kudu nindakake kuwi,utawa niyat ngukum garwane. Kekerasan pancen bisa ngendhegake padudon, lan bisa nuwuhake rasa marem ,amarga bisa ngalihake rasa frustrasi kang timbul saka sajrone utawa sakjabane omah. Nanging ing tembe bisa nuwuhake rasa ora bahagia,rasa wedi, ora percaya, nyingkiri hubungan seksual, ilange harga diri kang bakal njalari ambruke rumah tangga. Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri.
Sensitif Gender
Kanggo nyegah anane tumindak daksiya kasebut, para suami perlu mbangun sesambungan kang sensitif gender karo psanganan.Sensitif gender tegese peka marang aspirasi,kebutuhan,beban lan kahanan pasangane. Uga ngedohi cara-cara kekerasan rikala berkomunikasi lan tindak-tanduk.
Ana unen-unen garwa iku sigaraning lan kanca kanggo mbat-mbatan. Mula kaum kakung utawa suami kudu bisa bage rasa karo garwane. Kabeh harapan lan hasrat bisa dilairake kanthi tinarbukaa marang istri. Iki minangka ganti saka tumindak main perintah utawa istri kudu manutan. Komunikasi uga ditingkatake. Menawa suami ora sEneng sawijining bab kang asale saka istri, becike terus dipratelakake menawa ora seneng. Aja mung diendhem wae. Arep nesu kena,nanging aja nganggo kekerasan .Lan aja nganti memuncak. Alternatif liyane yen arep nesu ,istirahat sawatara, Becike nindakake relaksasi. Aja pisan-pisan nesu rikala lagi nyetir mobil,migunakake minuman keras utawa narkoba. Suami kudu nduweni pikiran positif marang pasangane. . Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri. Rasa sErik utawa nesu uga muncul,amarga pihak kakung butarepan marang garwane. Butarepan iku kena wae,nanging aja kebangeten, apa maneh yen dikantheni pandakwa sing ora-ora marang garwa.Timbule kekerasan ,bisa uga amarga pihak kakung ngalami stress. Yen iki sing njalari, stres kasebut ora kena dienengaake wae,malah kudu bisa ngatasi stress. Ana becike nyinau kepriye nyegah lan nanggulangi stres. Banjur kepriye ngadhepi permasalahan sajrone pembayatan ? Yen ngadhepi prekara iki aja ngendhani,nanging kudu dimusyawarahake karo pasangan,kepriye ngudari reruwet kasebut.
Saka andharan kasebut bisa dijupukm dudutan , suami kang sensitif gender yaiku suami kang tinarbuka karo pasangane, kuwagangngendhaleni kanepson, cemburu,stres lan sumadiya musyawarah sajrone ngadhepi ruwet rentenging rumah tangga karo pasangane.**** (Lukyastirin D )

Artikel ini dimuat di Panyebar Semangat.tahun 2005


UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA




Ana ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duwe tata krama sing diarani “unggah-ungguh” utawa “undha-usuking basa”. Unggah-ungguh utawa undha-usuking basa iku kanggone manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
  1. BASA NGOKO
Basa ngoko yaiku basane wong kang ora pati ngurmati kang dijak guneman. Dene panganggone basa ngoko yaiku:
-          menyang sapadha-padha kang wis kulina banget
-          menyang wong kang kaprenah nom (marang anak, putu, murid, pramu wisma, bojo, wong cilik, sedulur nom)
-          yen ngunandika, yaiku guneman dhewe utawa celathu sajroning ati.
Basa ngoko ana rong werna
1.      ngoko lugu
Wujude tembung ngoko, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem.
Kanggone: omongane bocah karo bocah sing kulina, omongane wong tuwa karo wong enom, yen lagi ngunandika.
Tuladha
-          omongan bocah karo bocah sing wis kulina → ”Kowe arep menyang ngendi, Di?”
-          wong tuwa marang anak → ”Nik, jupukna buku iku!”
-          yen lagi ngunandika → ”Kapan ya aku duwe sepedha mini?”
2.      ngoko andhap utawa ngoko alus
Basa ngoko kang alus utawa luwih ngajeni. Wujude yaiku basa ngoko kanthi tembung krama inggil tumrap wong kang dijak guneman.
Titikane basa ngoko alus
-          Tembunge ngoko kacampur tembung krama inggil. Kang dikramakake inggil yaiku perangane awake sing diajak guneman utawa wong sing digunem; lan sandhangane wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.
-          Kriyane (kata kerjane) wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.
-          Tembung aku tetep dadi aku.
-          Tembung kowe owah dadi panjenengan  utawa sliramu (panjenengan menawa sing diajak guneman mau tuwa; sliramu menawa sing diajak guneman mau luwih enom.
-          Atur-atur lan panambange tetep ngoko.
Kanggone: ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune, bisa uga kangmas utawa mbakyu marang adhi kang diajeni marga pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa, guru padha guru kang wis akrab/kulina.
Tuladha
-          ibu marang bapak → ”Pak, yen arep dhahar wis daktata ana ing meja!”
-          adhi marang kang mase → ”Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskup.”
-          kangmas marang adhine → ”Dhik, iki lo dakcaosi oleh-oleh saka Sala.”
-          anak marang wong tuwane → ”Bu, yen arep tindak dakterake.”
-          guru padha guru kang wus akrab/kulina → ”Lo Bu, astane ki kena apa kok nganggo dibuntel karo digendhong barang.”

  1. BASA KRAMA
  1. BASA KRAMA LUGU
-          Wujude tembung krama.
-          Panganggone tumrap bocah karo bocah sing durungkulina, wong tuwa marang wong enom, nanging ngajeni sawetara tumrap wong kapindho diganti peprenahan, kabeh dikramake, mung panambang –e utawa –ake tetep ngoko
-          Tuladhane: Bukune sampun dipunbetake.
  1. BASA KRAMA ALUS
Krama inggil iku basa kang ngajeni banget. Wujude kaya basa mudha krama, kaceke panambang –mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula, lan sapanunggalane.
ATER LAN PANAMBANG KRAMA
di-                    →        dipun-
dak-                →        kula
kok/ko-           →        panjenengan
-e/ne                →        -ipun
-ake/ke            →        -aken
-a/na/ana        →        kula aturi
Gunane: kanggo guneman marang wong sing kudu dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.
Tembung kang dikramakake inggil kayata peranganing awak, kriya, solah bawa panganggo utawa barang darbe, lan sapanunggalane.
Tuladha
Ngoko
Krama inggil
tangan
asta
mangan
dhahar
njoged
mbeksa
Yen ana tembung sing kudu disalini karama inggil, nanging kramane inggil ora ana, sing dienggo banjur tembung krama lugu.
Tuladha → Ndara pangeran lagi rembagan.
Manawa ngarani panganggo utawa barang darbe kang ora ana kramane lan kramane inggil, sok dipratelake nganggo wuwuhan tembung agem, kagungan.
Tuladha
agem dalem sepatu                              : sepatumu
kagungan dalem sepatu                       : sepatumu
kagungan panjenengan sepatu                        : sepatumu
TEMBUNG KRAMA INGGIL IKU ORA KENA KANGGO AWAKE DHEWE
Tuladha

Luput
Bener
Kula badhe siram rumiyin.
Kula badhe adus rumiyin.
Padharan kula sakit amargi mentas dhahar pelem mentah.
Weteng kula sakit amargi mentas nedha pelem mentah.
Kula badhe ngagem rasukan.
Kula badhe ngangge rasukan.
Putra kula kalih, putri satunggal, kakung satunggal.
Anak kula kalih, estri satunggal, jaler satunggal.
Kula badhe miyos rumiyin.
Kula badhe medal rumiyin.
Buku kagunganipun Bapak ingkang kula paringaken ing menja dipunpundhut Adhik.
Buku kagunganipun Bapak ingkang kula sukakaken wonten ing meja dipunpendhet Adhik.
Kula badhe tindak dhateng Jakarta, kondur kula benjing Slasa.
Kula badhe dhateng Jakarta, wangsul kula benjing Slasa.
Dalem kula wonten ing kampung Tegal Kepatihan, Kalurahan Bareng.
Griya kula wonten ing kampung Tegal Kepatihan, Kalurahan Bareng.
Kula mundhut buku dhateng toko ”Sumber Kawruh”.
Kula tumbas buku dhateng toko ”Sumber Kawruh”.
Menawi badhe mapan sare, kula mesthi ngunjuk toya rumiyin.
Menawi badhe mapan tilem, kula mesthi ngombe toya rumiyin.
Ibu mundhut duren badhe dipunparingaken Bu Camat.
Ibu mundhut duren badhe dipuncaosaken Bu Camat.
Bapak ndherek kula mriksani bioskup.
Bapak tumut kula mriksani bioskup.
Bapak sukuran, tangga tepalih sami dipuntimbali.
Bapak sukuran, tangga tepalih sami dipunaturi.
Ibu mundhut apel badhe dipuncaosaken Mbakyu.
Ibu mundhut apel badhe dipunparingaken Mbakyu.
Bapak ngendika, “Omah sakebone dakparingake Bima.”
Bapak ngendika, “Omah sakebone dakwenehake Bima.”



sumber : http://www.sman15smg.sch.id/?idmenu=76&id=38