Sabtu, 10 Januari 2015

Manfaat Rosella




Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen. Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang tuwa, godhonge lancip Celsiu telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus. Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan Celsiusur awak. Ing Malaysia malah kanggo suplemen, vitamin kanggo njaga stamina amrih kuwat ora gampang lara.
Jeneng Latin-e Hibiscus sabdariffa, wong Sunda ngarani kembang anggrem, ing Medan jenenge bunga merah. Senajan akeh sing nandur nanging padha ora ngerti kasiyate. Kamangka wohe kena kanggo gawe setrup, digodhog karo gula rasane legi kecut enak kaya frambusen. Mula ana sing ngarani kembang frambusen.
Ing Malaysia, hibiscus diolah dadi teh celup, sele roti, sirup (setrup). Kembang hibiscus ngandhut vitamin A, vitamin C akeh, kalsium sing cukup, ngandhut serat lan mineral. Mula becik kanggo kasarasane mripat, kulit, balung lan pencernaan. Miturut Iwan R Hudaya, sing duwe kebon hibiscus jembar ing Pasar Minggu, Jakarta, dheweke wis suwe nandur hibiscus kanggo bahan sele roti lan sirup. Rasane enak ora kalah karo omben-omben bangsane fanta.
Kembang Celsius werna-werna jinise nanging ing Indonesia kene ana rong jinis, sing godhonge ringgik-ringgik pinggire lan sing alus. Wohe meh padha, mung rada beda wernane. Ing Hawai, Malaysia, Thailand, India, Kuba, tanduran Celsius iki werna-werna jinise. Ana sing kembange wernane wungu, putih, violet, biru, oranye, abang tuwa. Ing kana kembang Celsius digawe teh, diombe kaya yen ngombe teh biasa. Emane ing kene Celsiu Celsius. Kamangka yen saben dina ngombe teh hibiscus awak bakal sehat lan seger merga Celsiusur lancar lan kecukupan sawetara vitamin sarta mineral. Rehne Celsiu ana sing adol teh hibiscus, becike gawe dhewe wae. Kepriye carane gawe omben-omben saka Celsius?

TEH HIBISCUS (ROSELA)
Kembang hibiscus sing wis tuwa tenan diundhuhi banjur dipepe sedina rong dina supaya alum. Yen wis alum dibeleki dijupuki sing ana tengahe (wijine). Wijine kena ditandur. Kelopak hibiscus sing wis dijupuki isine banjur dikumbah nganti resik terus dipepe maneh nganti garing suwene 3-5 dina. Ditutupi Celsius bening supaya ora kena bledug. Yen wis garing teh disimpen ing wadhah sing rapet, siap digawe wedang teh. Carane gawe, mundhuta teh hibiscus sacukupe diseleh gelas banjur dicom banyu umub ditutup sing rapet. Banyu com-coman bakal dadi abang wernane, ditambah gula pasir terus diunjuk anget-anget. Yen disimpen rapet, teh hibiscus bisa tahan nganti 3-6 sasi
SIRUP HIBISCUS
Woh hibiscus (Celsius) sing isih seger lan wis tuwa kehe 500 gram dibuwang isine sing ana njerone nganti resik banjur dikumbah. Bahan tambahan:gula pasir 600 gram, asam sitrat 4 gram, natrium Celsius (kanggo ngawetake) 1-2 gram, botol sing steril 2 iji. Dhisik dhewe nggodhog banyu 8 gelas ing Celsi email (ora kena Celsi aluminium) nganti umub. Kelopak hibiscus banjur dicemplungake, digodhog suwene 20-25 menit, terus genine dicilikake karo tetep diudhak-udhak nganggo sendhok kayu (enthong). Yen banyune wernane wis abang, genine dipateni banjur dientas lan disaring. Cemplungna gula pasir, asam sitrat lan natrium Celsius, diudhak sing rata nganti larut. Banjur digodhog maneh nganggo geni cilik wae nganti umub maneh suwene 5 menit, dientas. Yen wis rada adhem diwenehi Celsius (sari) apel utawa stroberi miturut kasenengane, terus diwadhahi botol disimpen ing kulkas supaya rada awet. Sirup siap diunjuk. Cara iki ora tahan suwe. Yen kepengin sirup bisa tahan rada suwe, botol kudu disterilisasi dhisik (pasteurisasi). Sadurunge diwadhahi, botol digodhog nganti umub kanthi Celsiusure 150-200 derajat Celsius.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar