Senin, 05 Januari 2015

PARIKAN

Parikan inggih menika unen-unen utawi ukara ingkang ngadhahi paugeran utawi pathokan. Paugeranipun inggih menika: a. Menawi parikan menika dumados saking 2 gatra utawi 2 larik, gatra nomer 1 wujudipun ukara limrah (biasa), gatra nomer 2 mujudaken isi utawi maksudipun parikan.
b. Menawi parikan menika dumados 4 gatra utawi 4 larik, gatra kaping 1 lan 2 wujudipun ukara lumrah (biasa), gatra kaping 3 lan 4 minangka isinipun utawi maksudipun parikan.
c. Sajakipun utawi purwakanthinipun
Gatra nomer 1 sami kaliyan gatra kaping 3, gatra kaping kalih sami kaliyan gatra kaping 4. Menawi ing bahasa Indonesia pantun menika bersajak a-b-a-b
Tuladha:
  • Parikan dumados saking 2 gatra
Tuku piting digawe trasi                → ukara biasa
Rambut kriting ora tau dikramasi → isi
Wulan suro ana bakul roti
Wong tuwo kudu dihormati
  • Parikan dumados saking 4 gatra
Ireng-ireng kathok kolor                → ukara biasa
Kathok kolor pencloki laler           → ukara biasa
Kathok ireng wujude kombor        → isi
Sebab iku nggo wadah lemper       → isi
Purwakanthinipun a-b-a-b

Sapi nggawe ribut
Nabrak wong lagi sujud
Sapa sing ngebut
Mesthi bakalan benjud

sumber : https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2014/01/14/parikan-2/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar