Senin, 05 Januari 2015

Adicara Siraman

Tuladha Pranatacara

Adicara Siraman Calon Pengantin

Nuwun.
Para aji sepuh, kasepuhan, miwah pinisepuh ingkang satuhu minulyeng budi, para tamu ingkang satuhu munulyeng budi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan, sumonggo kulo dhereaken ngaturaken puji pangalembono miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akaryo jagad, nenggih Pangeran ingkang Maha Welas lan Asih, awit saking kanugrahanipun kulo miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun bapak/ibu…….. Saperlu paring pangestu tumindaking adicoro jamas pasiraman calon penganten putri nun ninggih nimas……….

Keparengo kulo ingkang kapatah pemengku gati kinen ndereaken gatining laksono ing wanci meniko, menggah tata rakiting titi laksono rinacik mekaten :
Kapurwakan kanthi pambuko, saparipurnaning pambuko, risang calon panganten putri badhe ngaturaken pangabekti  dhumateng ingkang bapak miwah ingkang ibu.
Saparipurnaning adicoro ngabekten, risang ahayu kekanthi tumuju dhateng sasana matirto, tumuli bapak/ibu………ngracik warik pamoringsih, saperangan tuyo pamorsih ingkang sampun rinacik badhe kakintuaken dhumateng calon besan minongko sarono aji syarat jamas pasiraman calon penganten kakung.
Sabidalipun utusan, adicoro matirto risang pinanganten putri tumuli kawiwitan.
Ing pethiting siraman risang calon penganten putri pinaringan sesuci, kalajengaken bapak miwah ibu ambuko pamoring putri kanthi amecah kendhi.
Mekaten menggah rerantaman adicoro, sumonggo tumapak adicoro purwoko, adicoro binuko kanthi pandungo dhumateng pangeran mrih rahayuning kerso, ndedungo kulo derek aken…sumonggonggo…
( Ndedungo )
Matur nuwun,
Tumuli kepareng ibu juru sumbogo badhe nganthi risang calon peganten putri ngabekti dhumateng bapak miwah ibu……. Sampun kepareng bapak miwah ibu lenggah ing papan piniji, sampun mijil saking sasana paleremana risang ahayu badhe ngabekti wonten ing pepadanipun ingkang bapak miwah ibu.
Kebak ing toto susilo miwah tata krama, angeko podho marak sowan ing pepadhanipun ingkang bapak miwah ibu sarwo sumembah ngaturaken pengabekti dhumateng ingkang romo, tangkeping asto sumembah ing jengku ireng kanan ingkang romo, paripurno sumembah ngeningaken cipto, ngetog kekiyataning manah, menepaken ring roso, tumuli matur imbal wawan wacono kaliyan ingkang romo ibu :
Ahayu : “ Rama ibu ingkang satuhu kulo bekteni, wekdal puniko kulo badhe
nglampahi siraman, salajengipun badhe nglampahi dhaup kaliyan
Ahayu : “ Rama ibu ingkang satuhu kulo bekteni, wekdal puniko kulo badhe
nglampahi siraman, salajengipun badhe nglampahi dhaup kaliyan
kang mas ……….awit saking meniko kulo nyuwun pangapunten
sedoyo kalepatan kulo selaminipun kulo nherek bapak saha ibu,
mboten kesupen kulo ugi ngaturaken sembah sungkem pangabeki
sarto agunging panuwun awit sedoyo panggulowentahipun bapak
saha ibu dhumateng kulo, wiwit kulo taksih alit ngantos dewoso,
mugi mugi bapak ibu tansah pinaringan berkah saha Rohmating
Pangeran ingkang Mahawelas lan Maha asih…Amin..”
Lan kanthi sareh romo lan ibu paring pawangsulan :
Rama/ibu : “ Nini ……. Kang dak tresnani, daktampi pangabektimu, dak ngapuro
sekabehing keluputanmu, lan dak paringi pangestu anggonmu arep
ninda ake sesuci kanthi jamas pasiraman, mugo-mugo biso suci lair
bathinmu, sembodo jiwo ragamu, mung rahayu widodo kang bakal
tinemu, wiwit awal nganti akhire …amin..”
Paripurno matur dhumateng rama ibu, wangsul ngaturaken sungkem ing pepadhaniro ingkang romo ibu, ayem ing pepadhane ingkang rama, kawuryan kalamun ingkang rama trenyuh ing galih dupi sinungkeman pepadhaniro, netro kembeng kembeng ngampah tumetesing waspo, ingelus elus , ingepuk epuk pamidhangane risang ahayu, pratondho tresno asihe paring pengestu mring  kang  putri.
Paripurno ngabekti ingkang romo, gyo sumungkem ing pepadhaniro ingkang ibu, pranyoto ingkang ibu datan kuwowo angampah tumetesing waspo, mekaten ugi kang ahayu, luh marawayan ing pankoning ibu, ingkang putri kinasih ingaras kebak ing rasa tresno ing batos ibu ngunandhiko :
“ E ..Putriku sing dak tresnani, ora kroso dene saiki kowe wus dewoso, wis  arep mangun brayat, koyo lagi wingi kowe pada dedolanan gegojegan dadi bocah sing lucu lan nyenengake, jebul saiki wis arep uwal saka pangkoning ibu, anaku ngger nini……  dak pangestoni lan dak donga ake mugo-mugo uripmu nemu kamulyan….”
Paripurno ngabekti ingkang rama miwah ibu, risang ahayu kekanthi tumuju ing sasana matirto arso jinamas ing warih nenggih warih pamoring sih, nun ninggih tuyo perwito sari, utawi tuyo perwito adi, sampun kawuryan lenggah ing sasana matirto risang ahayu, tumuli bapak/ibu…..badhe ngracik tuyo perwito adi.
Ingkang sepisan nglebetaken tuyo perwito adi ingkang kapundhut saking tuk ingkang sampun sepuh, ancasing sedyo ing tembe gesangipun risang calon penganten kalamun sampun dhapuk kulowargo sageto murakabi, paring pangayoman mring sesami.
Tumuli bapak/ibu….manunggalaken sekar setaman utawi sekar tri warno munggwing tirto pamoringsih.
Sri wus ngarani ratu, taman papan ajrahing puspo, marmo pinilih tetungguling sekar ingkang awujud tri warno, tri ateges telu, werno jenising puspo nun ninggih sekar mawar, mlati miwah kenongo, angambar arum gandhane sekar, amrih ing tembe kuncoro asmane risang calon penganten.
Tumuli bapak/ibu……..manunggalaken klopo sagandheng ing salebeting tuyo perwito adi, klopo pinilih ingkang sampun radi sepuh dados pratondho, sampun manunggal gegandhengan ing karso,
Tekadipun ingkang badhe bebesanan awit saking manunggaling calon penganten.
Sampun paripurno rinacik tuyo perwito adi, tumuli badhe pinaringan puji dungo rahayu, dhumateng bapak…….. Sumonggo.
( Pandungo )
Matur nuwun.
Mugi dados dungo ingkang dipun kabulaken dening Pangeran, risang calon penganten badhe saestu resik suci lair lan bathinipun, satemah rahayu widodo kalis sambikolo.
Kepareng salajengipun bapak/ibu……… mundut saperangan tuyo pamoringsih, badhe kekintunaken dhumateng calon besan minongko aji syarat jamas pasiraman calon panganten kakung, bapak/ibu………kepareng badhe utusan dhumateng bapak/ibu……sekaliyan kinen ngaturaken tuyo perwito adi dhumateng calon besan.
Sampun winadhahan ing kendhogo tuyo perwito adi, tumuli mangarso kangmas……. Sampun kepareng aben ajeng, mekateno pangandhikane kalamun kawijil ing lisan :
Bpk/ibu : “ Bapak/ibu……..kulo nyuwun senjoto pitulungan dhumateng
panjenengan sekaliyan, ngaturaken tuyo perwito adi dhumateng
bapak/ibu……minongko aji syarat jamas pasiraman calon penganten
kakung, saderengipun lan sak sampunipun kulo ngaturaken agunging
panuwun…”
Kangmas : “ Nun ninggih bapak/ibu…..dhawuh panjenengan badhe kulo
esto aken, salajengipun kulo nyuwun pamit sarto nyuwun tambahing
dungo pangestu…..”
Bpk/ibu : “ Nun ninggih kangmas……sugeng tindak, mugi winantu ing
karaharjan….”
Sampun paripurno anggenyo imbal wacono, dhuto tuyo perwito adi sampun kepareng bidhal, jamas pasiraman calon penganten putri tumuli kawiwitan.
Kapurwakan ingkang romo, bapak………..paring jamas ing warih, sepisan jinamas ing mustoko amrih suci ing cipto, kaping kalih jinamas ing bahu kanan lan kering, tuyo lumeber munggwing jaja amrih suci ing rasa, kaping tigo siniram ing samparan amrih suci ing karso.
Tumuli kang ibu nggosok kenyoh mancawarna, manca tegese limo utawi manekowarno, warno tegese jeninsing kenyoh, warnaning kenyoh minongko lulur sarono pambukaning pamor, pamor dumadi saking manekowarni sumoroting cahyo, marmo linambangaken ing kenyoh awarno pethak, wilis, bintulu, jenar, serto rekto, paripurno anggosok kenyoh monco warno ingkang ibu ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri kinasih.
Ingkang salajengipun, kasuwun paring pangestu ibu…………. Kanthi pinaringan pepuji sesanti ginarujug saliro rukmi mawi tirto perwito adi, ….
Matur numun dhumateng ibu……… kepareng lenggah ing sasana sakawit, tumuli kasuwun dhumateng panjenenganipun ibu……..sumonggo paring jamas pasiraman dhumateng risang calon temanten.
Sambeting kondho opo tho kang minongko palenggahaniro risang calon penganten, nun ninggih kloso bongko ingkang kinaryo mbuntel ron alang –alang ron kopo kopo, ron awar awar, roning kaluwih, miwah roning turi kang satuhu ngemu pralampito sinandhi.
Matur numun dhumateng ibu……
Kalajengaken ibu………… sumonggo..
Kloso bongko minongko pratondho gumelaring jagad raya, ing wanci meniko risang ahayu sampun badhe ngancik jagading kulowargo arso mangun bebrayan enggal.
Sewu gunging panuwun konjuk ibu…………
Kepareng salajengipun kerso o ibu………paring jamas pasiraman calon penganten putri.
Ron alang alang tuwin ron kopo kopo pralambang panyuwun mugo mugo anggone mangun brayat agung ora ono alangan opo opo. Ron awar awar sedoyo pepalang miwah sambikolo sampun binawar tawar satemah mung rahayu kang tansah tinemu.
Matur nuwun dhumateng ibu……..
Salajengipun sumonggo ibu……..
Ron kaluwih ngemu pralampito mugi mbenjing risang calon penganten tansah pinaringan kaluwihan, luwih ing drajat, pangkat miwah semat, satemah kajen kineringan mring sesami, cekap ing sandang miwah bugo.
Matur nuwun ibu…………..
Tumuli ibu………… kepareng paring pengestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri.
Roning turi minongko panyuwun dhumateng poro kasepuhan miwah winasis paring pitutur dhumateng risang calon penganten putri, sinambi paring siraman kasdu paring pitutur ingkang dumeling ing talingan, pitutur poro leluhur sagedo dados dedamar anggenipun risang calon penganten putri lumebet ing madyaning bebrayan agung, matur nuwun.
Sampun cekap, jangkep pitu ingkang paring pasiraman mring sariro rukmi calon penganten putri, mugi luhuring budi poro pinisepuh saged lumeber mring risang pinanganten, maknanipun gunggung pitu ingkang paring jamas pasiraman, mugi risang calon penganten tansah pikantuk pilutulunganing pangeran, sarto tansah darbe watak suko paring pitulung mring sesamining dumadi.
Salajengipun keparengo ingkang bapak………..paring sesuci mring risang calon penganten putri.
Tuyo kawijilaken saking kendhi pratolo, tuyo siniramaken waroto saranduning sariro, ilining tuyo datan kendat, pratondho sempulur ing samudayanipun, sampulur kayuwananipun, sempulur rezekinipun, sempulur kaluwarganipun, miwah sempulur samudayanipun.
Sampun telas isining tuyo ing kendhi pratolo, salajengipun ibu………tumuju majeng ing sangajengipun risang calon penganten putri, ingkang ibu badhe mecah pamoring sang dyah ayu………..
Kanthi niatan : “ Niat ingsun ora kmecah, mecah kendhi, nanging mecah pamore putriku……………” ( pyaaaaaaaaa…..rrrr ) ……Wus pecah pamore…”.
Mekaten kolowau menggah tumapaking adicoro jamas pasiraman calon penganten putri, bapak ibu…………..saestu ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kasepuhan saha pinisepuh ingkang sampun kepareng paring pangestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri, mugi luhuring budi panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti kang Maha Hayu… Amin.
Risang calon penganten putri tumuli kekanthi ing sasana piniji saperlu ninda aken adicoro salajengipun nun ninggih upacoro ngerik.
Dhumateng poro tamu kepareng wawan pangandikan, langen suko sinambi ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun kaladosaken mring poro kadang kaneman ..sumonggo.
Salajengipun upacoro ngerik risang calon penganten putri, kapasrahaken dhumateng paraga ingkang ninda aken saha tinanggenah nglaksana aken upacoro ngerik manten …. Sumonggo.

sumber : http://kidemangsodron78.wordpress.com/pranatacara/adicara-siraman/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar