Senin, 05 Januari 2015

Tuladha Basa Rinengga

  • Kang hingaran basa iku mujudake babaring karsa
  •  Tembung wibawa iku saka tembung wi ( luhur )  lan bawa ( laku ), mula bisane wibawa, kudu tansah hanindakake laku bebuden kang luhur.
  •  Pangestu iku pangajab ingkang saestu
Pangajab iku gegayuhan utawa kekarepan.
Saranane gegayuhan utawa kekarepan bisa kasembadan, Manawa dilakoni kanthi manunggalig tekad lan temen tumenem.
  • Aja sak dhemen ngaku, manungsa iku mung sadram hanampa lang hanindakake kagungane Gusti.
  • Manungsa urip iku kudu tansah eling lawan waspada
Tegese eling iku mangerteni sangkan paraning dumadi
Dene tembung waspada iku saka tembung awas lan pada.
Mula ana tembung sing waspada iku mengku werdi : sakabehing tumindak iku kudu ngelingi dununing pepesthen.
Pada iku pepesthen, utawa diarani titik, tegese mandheg.
  • Asma iku saka tembung asal manunggal.
Dene werdine :
Asale ana iku saka manunggale bapa lan biyung, wohing manunggal, terus lahir utawa hana, mula tanpa manunggal ora bakal ana asma.
  • Kabeh wong urip iku duwe asma, ananging akeh banget kang ora mangerteni asmane dhewe mau, kang kudu di gatekake marang kang kagungan asma yaiku : asma iku ngiket pakarti, sapa kang kudu njaga asmane mau, ara ana liya ya mung kang kagungan asmane dhewe.
  • Tembung manis iku weh reseping wardaya.
  • Panguwasa iku ora kanggo nguwasani, nanging kanggo hangayomi
  • Aja sok sewenang – wenang, tundhone bakal kesurang – surang, aja dumeh menang banjur sawenang – wenang.
  • Berbudi bawa leksana, welas asih mring sapadha-padha.
  • Aja seneng nenacad ing liyan, menawa pribadhine dhewe durung resik temenan, aja dhemen memada, mring dumadi.
  • Amrih runtuting pangandikan, elinga 4 prakarsa, yaiku :
Wicara : Tegese, nggunakake basa kang trep
Wirasa : tegese, kudu hangerteni munguh wirisaning basa
Wirama : tegese, mijiling basa kang wijang, ririh, rereh, pan pratitis
Wiraga : tegese, solah tindah, tandang tunduk kudu suba sita sopan santun.
  • Hurip nukulake urup, denen si urup kang karha pepadhang, dadi kewajibane si hurip hamung tansah gawe pepadhang, urip kang ora bisa aweh pepadhang iku tegese mati.
  • Pangolahing rasa, hambabar luhuring budaya.
  • Sesanggeman tumrap para pangarsaning praja /  pemimpin :
Panca laksita tama :
  • Memayu hayuning bawana
Werdine : tansah marsudi mbangun pribadine dhewe
  • Memayu hayuning sasama
Werdine : kudu bisa gawe tentreming para kawulane.
  • Dados juru ladosing bebrayan ingkang sae
Werdine : apa-apa kang dadi keperluane para kawulane kudu dipikir temenan.
    • Sedaya keputusanipun tansah adamel senenging tiyang sanes, adil, ambeg paramarta
    • Sadaya tumindakipun linandhesan tresna, welas asih dhumateng sintena kemawon.
  • Pemimpin iku paribasan gendheng saumpamane, kuwajibane gendheng iku dadi pangayomane kang ndalemi, menawa gendheng mau pecah, mesti dilorot, diganti sing wutuh, sing pecah terus di guwak, amargi wis ora ana gunane.
  • Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
  • Aja gampang nganggep sepele, kadhang-kadhang bisa dadi gawe.
  • Ngati-ati iku pamrih reh rahayu.
  • Bebasan cecak nguntal ulo, wong nduwe gegayuhan ora ngelingi kekuatane dhewe.
  • Sapa weruh ing panuju, prasasat sugih pagere wesi.
  • Ajining dhiri hamung saking pakarti lan kedhaling lathi.
  • Yen kuwasa aja kumawasa, yen pinter aja kuminter, yen sugih aja sumugih, yen banter aja seneng nglancangi, yen mandhi aja mateni.
  • Watak bebudine satriya iku :
Ora golek seneng nanging bisa gawe senenging liyan
Ora golek marem ananging biso’a gawe mareming liyan
Ora seneng pamer, ananging lakune tapa mendhem
Ora golek jeneng, ananging bisoa njunjung asmaning liyan.
  • Kahanan jagad kang gumelar iki, saktemene mujudake tulisan kang cetha, kang gawe Gusti kang Maha Suci, pranyata iku dadi pituduhira sayekti, jroning sira urip ing alam madya.
  • Mrica kecut, singgat toya : Sauni unine wong manis nggregetake ati.
Mrica kecut iku wuni, dene singgat toya iku uget-uget.

sumber : http://kidemangsodron78.wordpress.com/327-2/tuladha-basa-rinengga/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar