Kamis, 18 Desember 2014

Asal-Usul

Asal-Usul Desa Pangulu, Gowa Sentono

            Ing jaman semono ana padepokan cilik jenenge Sentono sing dipimpin kaliyan Blacak Ngilo. Blacak Ngilo iku bekas prajurit Majapahit sing lunga nalika ana perang saudara. Awale padhepokan iki kondhang mula akeh wong teka ing sentono kanggo maguru ning Blacak Ngilo. Kanthi arif lan wicaksana Blacak Ngilo ngajarake macem ilmu kayata budi pekerti lan kanuragan.
            Daerah Sentono ana ing pinggir Bengawan Solo. Mula strategis kanggo peertanian. Desa Sentono ngrembaka mula Blacak Ngilo dianggep kaya panguwasa utawa raja. Nanging suwe-suwe Blacak Ngilo sakarepe dhewe (sawenang-wenang). Masyarakat diwajibke nyetor hasil panene separo luwih. Ora mung iku, rakyate sing duwe anak perawan kudu diserahke kanggo dadi selire. Rakyate khawatir apa maneh saben wulan purnama kudu nyediake getih manungsa kanggo tumbal dienggo kasekten.
            Rasa khawatire rakyat krungu nganti ning Sunan Bonang. Sawise iku sunan Bonang ngutus muride nemoni Blacak ngilo kanggo ngilengke supaya ora sawenag-wenag marang rakyate. Aja nyembah berhala lan nindake syariat Islam. Krungu pocapan kaya mangkono utusane Sunan Bonang, Blacak Ngilo murka. Dipenggal gulune utusane Sunan Bonang nganti tugel. Panggonan sing dienggo menggal gulune mau saiki diarani Pangulu saka tembung “Penggal Gulu”.
            Ngrasa diremehke, Blacak Ngilo ora trima. Blacak Ngilo nantang Sunan Bonang kanggo adu tandhing. Sunan Bonang sarujuk nanging kanthi syarat yen Sunan Bonang kalah, Sunan Bonang lila dadi pengikute Blacak Ngilo. Ananging yen Blacak Ngilo kalah, dheweke kudu ninggalake tumindak ala lan mlebu Islam. Loro karone sarujuk.
            Perang tandhing diwiwiti. Loro karone padha sektine. Dina kapisan, kapindho nganti kaping enenm durung katon sapa sing kalah lan sapa sing bakal menang. Dina kepitu Blacak Ngilo wis kesel nagnging amarga kesombingane Blacak Ngilo ora gelem ngakoni kasektene Sunan Bonang. Blacak Ngilo saka pertarungan kanthi ambles ning jero lemah. Sunan Bonang ora gelem kalah. Sunan Bonang uga mlebu jero lemah kanggo ngoyak Blacak Ngilo nganti tekan daerah Tuban.
            Amarga keselen Blacak Ngilo jaluk marang Sunan Bonang kanggo leren. Sunan Bonang sarujuk. Blacak Ngilo langsung nggoleki panggonan sing dienggo sendhen kaliyan Blacak Ngilo lan saiki diarani desa Menden. Saka tembung “Semende” utawa “Senden”. Akhire Blacak Ngilo ngaku salah lan gelem mlebu Islam dadi pengikute Sunan Bonang kanggo nyebarke ajaran Islam ing wilayah Menden.
Bolongan-bolongan ing lemah bekas oyak-oyak Sunan Bonang karo Blacak Ngilo dadi Gowa. Gowa iki diarani Gowa Sentono. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar