Narasumber : Dwi Margono ( Gus Dwi ) Juru kunci
Gunung Kemukus keturunan ke-16
Gunung Kemukus kuwi mbiyene alas sing amba, ora ana
penghuni babar pisan. Nalika mbiyen ana putra Raja, jenenge Pangeran Samudra
sing dikubur ing Gunung Kemukus. Crita lengkape kaya mangkene :
Pangeran Samudra kuwi anak saka Raja Brawijaya. Anak
kakung ragile Raja Brawijaya. Wektu kuwi Raja Brawijaya sing dadi raja ing
Kerajaan Majapait. Nalika mbiyen ana geger sing padha ngrebutake kekuasaan lan
wektu ana perang kuwi Raja Brawijaya kalah. Banjur kangmas-kangmase Pangeran
samudra padha lunga dhewe-dhewe. Nanging Pangeran Samudra ora padha melu lunga
kangmase. Pangeran Samudra malah melu ibu tirine yaiku Dewi Ontrowulan. Dewi
Ontrowulan kuwi selire Raja Brawijaya. Dewi Ontrowulan ngajak Pangeran Samudra
menyang dulur tuwane utawa kangmase yaiku Sultan Fatah sing dadi
Raja Demak sing kepisan. Amarga wektu kuwi Pangeran samudra isih cilik, dheweke
disantrine utawa dipondhokne. Pangeran Samudra dipondhokne ing salah sijine
Padepokan. Padepokan kuwi jenenge Padepokan Kadilangu ana ing sangisore
pimpinan Sunan Kalijaga. Sawise 3taun Pangeran Samudra mondhok ing Padepokan
Kadilangu, dheweke bisa mahami ilmu agama, pendidikan lan ilmu-ilmu liyane.
Lajeng Pangeran Samudra saiki balik ing Kerajaan Demak. Dheweke nyuwun pirsa
marang kangmase.
“ kangmas, aku kudu kepiye saiki aku uwis ora ana
ing pondhok maneh ?”,
“dinda, amarga dinda wong ulama sebarna agamamu.
Agama anyar sing ing Demak jenenge agama Rasul, apa maneh mbiyene ing kana
agamane hindhu, budha.”
“inggih kangmas, aku bakal nampa perintahmu!”
“dinda, isih ana siji maneh sing kudu mbok lakokake.
Dinda kudu goleki lan ngreketake maneh kangmas-kangmasmu sing padha lunga dhewe
amarga Raja Brawijya kalah, mula saka kuwi bisa ngrangkul Kerajaan Majapait
bareng-bareng.”
“Inggih, sendhika kangmas.”
Pangeran Samudra ninggalne kerajaan Demak lan
Pangeran Samudra dikon lunga ing lereng Gunung Lawu supaya bisa berguru marang
Ki Ageng Gugur, selain dadi musafir Pangeran Samudra goleki dulur-dulure ben
bisa dadi siji maneh. Nalika dheweke nyebar agama islam Pangeran samudra
berguru karo sapa wae sing dianggep mampu lan duwe kaanugrahan utawa apa wae
sing durung diduweni Pangeran Samudra. Nalika tekan pundhak kiwa dheweke ketemu
karo Ki Ageng Gugur. Ki Ageng Gugur kuwi wong sing sakti mandraguna. Ki ageng
Gugur ing Gunung Lawu gawe padepokan jenenge Padepokan Ki ageng Gugur. Banjur
Pangeran Samudra berguru marang Ki Ageng Gugur. Dheweke diajari babagan ilmu
islam sing temenan.
Pangeran Samudra jelaske tujuane mrono yaiku pengin
gabungne dulur-dulure dadi siji supaya mlebu agama islam, sawise kuwi Ki
Ageng Gugur jelaske yen dheweke ki kangmase.
“aku iki sanyatane kangmasmu amarga kowe jelaske
tujuan mau, amarga kuwi aku gelem melu ing Demak dan adimas neruske mlakumu yen
uwis awake dhewe balik bareng-bareng dinggo gawe agama anyar ing Demak jenenge
Demak Bintoro.”
Sawise kuwi Pangeran Samudra lunga lan neruske
mlakune dinggo nyebar agama islam. Saka kangmas-kangmase ana sing gelem mlebu
islam lan iya ana sing ora gelem mlebu islam. Banjur dheweke mlaku turut dalan
nglewati desa-desa. Dheweke pethuk Kyai Kamaliman. Kyai Kamaliman kuwi musafir
lan ulucumbu/pendherek. Kyai Kamaliman pengin ngabdi utawa ndherek Pangeran
Samudra nyebar agama islam. Nalika tekan salah sijine panggonan kayata Desa
Alaskobong, Desa Bogorame, Desa Doyong, Desa Modra lan kuwi kabeh papan sing
pernah dilewati lan dinggo leren Pangeran Samudra.
Sawise tekan Barong Pangeran Samudra sakit lan seda
ing daerah kuwi. banjur Pangeran Samudra di kubur ing dhuwur bukit sing saiki
dikenal jenenge Gunung Kemukus. Abdine sing padha melu mau lapor ing Demak.
“Sultan, Pangeran samudra menika gerah lan saniki
sampun seda nalika nyebaraken agama islam,”ngendhikane abdi.”
“abdi, adikku makamna ing kulon kali sing ana bukit
dhuwure,”jawab Sultan.”
Inggih sendhika dhawuh sultan,”ature abdi.”
Bukit kuwi asline jenenge ora Gunung Kemukus nanging
ora ana jenenge amarga mbiyene kuwi alas sing ora ana panguripan. Sawise
Pangeran Samudra mati lan arep di kubur ing kono, ing dhuwur kuburane Pangeran
Samudra ana asap item banget lan bentuk kerucut 60 derajat bentuke kaya
kukusan. Asap kuwi ilange suwe banget akhire dijenengke Gunung Kemukus.
Waktu mbiyen Pangeran Samudra gelem mlebu islam.
Dheweke gawe pondhok ing kedung uter. Kedung uter kuwi wonge pinter-pinter kyai
mustahal, kyai hanafi dll. Para abdi di makamne ing sekitar Gunung Kemukus
amarga mbiyen wektu belanda kabeh padha berguru marang Pangeran Samudra lan
sing hafal alquran dimakamne ing sekitar Pangeran Samudra.
Ing sekitar gunung kemukus kuwi ana Sendhang.
Jenenge Sendhang Ontrowulan. Sendhang kuwi isih ana gegayutane karo makam
Pangeran Samudra. Cerita lengkape kaya mangkene
Jaman mbiyen ing Demak ana ibu sing tresna banget
marang anake yaiku Dewi Ontrowuan. Dewi Ontrowulan tresna banget marang anake
yaiku Pangeran Samudra. Nalika Pangeran Samudra lagi nglakokake tanggungjawabe
nyebar agama islam. Ana kabar sing ngabarke marang Dewi Ontrowulan yen Pangeran
Samudra sakit lan mati nalika nyebarake agama islam. Banjur Pangeran Samudra di
makamke ing dhuwur bukit kulon kali. Dewi Ontrowulan arep nyusul Pangeran
Samudra. Nalika wes tekan pinggir kali Dewi Ontrowulan bingung arep lewat
ngendi dinggo nyabrang kali kuwi. Dheweke mung bolak-balik mutar-muter ora bisa
nemu carane. Lan akhire daerah kuwi dijenengke kedunguter. Banjur, sawise
uwis tekan bukit kuwi. Nyawa Pangeran Samudra uwis ora ana, Dewi Ontrowulan
mung bisa ngrangkul makame Pangeran Samudra.
Dewi Ontrowulan pengin banget ketemu karo Pangeran
Samudra. Nanging dheweke bingung kepiye carane ora ngerti. Ora suwe ana suara
ghaib sing ngomong
“ibu, yen panjenengan pengin ketemu aku, ing pinggir
bukit iki ana sendhang lan ibu siramo ing sendhang kuwi nganti suci. Mangke ibu
bisa ketemu karo aku.”
Dewi Ontrowulan ora mikir suwe, dheweke banjur
nglakokake apa sing diomong suara ghaib mau. Sawise siram Gusti Ratu Ontrowulan
ngrangkul jenazahe pangeran Samudra. Lajeng kembang rinonce sing dinggo hias rambute
kuwi dikibas-kibaske lan tukul wit-wit langka jenenge wit Nagasari. Mbiyene ing
alas kuwi ora ana apa-apa mung ana alang-alang sing urip.
Awake Gusti Ratu Ontrowulan ilang secara ghaib. Mula
kuwi makame Gusti Ratu Ontrowulan didadekne siji karo makame Pangeran Samudra.
Sendhang sing dinggo siram Gusti Ratu mau dijenengke Sendhang Ontrowulan amarga
mbiyen sendhang kuwi durung ana jenenge. Sendhang kuwi nganti saiki dipercaya
banget. Jarene yen adus ing sendhang kuwi bisa gawe awet enom.
Cerita Pangeran Samudra kuwi ing mburine ana
mitos-mitos ala sing uwis nyebar, kayata kudu nglakoni hal-hal sing ala. Nalika
mbiyen arep dikubur ana leluhur sing ngomong yen krungu suara ghaib sing unine
kaya iki
“tindhakno apa sing durung tak tindhakne , sapa sing
duwe panyuwunan, sing madhep mantep cedhako marang aku kaya kowe arep seneng
demenanmu.”
Saka ujaran kuwi tegese kaya mangkene yen awake
dhewe lagi duwe panyuwunan, awake dhewe bisa nyuwun nanging syarate iya siji
kudu madhep mantep, sing tenanan ora oleh kegoda karo apa wae. Masalah tenan
dikabulke apa ora, kuwi urusane karo Gusti sing gawe urip. Nanging uwis akeh
wong sing padha buktekne omongan kuwi. Saka ujaran mau wong jawa padha salah
nampa amarga SDM wong jawa jaman mbiyen rendah. Wong jawa ngertine yen pengin
duwe panyuwunan kudu gawa demenan utawa pacangan. Mitos kaya kuwi isih
dipercaya banget nganti saiki amarga mitose uwis akeh sing ngerti.
Nanging miturut cerita asline ora bener, kuwi mung
mitos sing nyebar. Yen dipikir, Pangeran Samudra kuwi anak raja,
pemersatu bangsa, lan ulama sing gawene nyebar agama islam. Apa iya ulama
nglakokake kaya ngono. Ing daerah kuwi panyuwunan apa wae bakal dikabulke,
nyuwun sing apik, ala lan liya-liyane penting sugestine kuat.
Ing Gunung Kemukus ana malem-malem sacral sing
ditekani para peziarah yaiku dina laire lan dina kematiane Pangeran samudra.
Malem jumat pon sing dadi dina laire lan malem jumat kliwon dina matine
Pangeran Samudra. Ritual sing dilakokake para peziarah kaya kembang wangi sing
dipasrahake marang juru kuncine banjur kembange disebar lan sawise kuwi
dijupuki maneh. Para peziarah rata-rata padha gaewa pacangan amarga mitos sing
uwis nyebar kuwi gedhe banget.
Jaman mbiyen ana cerita, ana wong mataram dheweke
lagi duwe masalah. Dheweke bangkrut saiki wonge pengen sugeh. Dheweke ora gelem
balik yen durung bisa sugih. Dheweke nginep ing kono pirang-pirang dina. Ing
kono uga ana saudagar wadon, dheweke iya bingung amarga lagi ana masalah lan
dheweke iya pengin sugih. Wong loro kuwi mau sering ketemu lan suwe-suwe padha
tresna. Nalika bengi wong loro kuwi mau ora bisa nahan napsune, wong loro kuwi
nglakokake hubungan ing ngisor wit lan gawe janji aing unine kaya ngne
“dik, yen aku uwis sugih sebagian hartaku
kanggo kowe,”omonge wong mataram
“mas, aku iya janji kaya ngono, yen aku sugih
sebagian hartaku kanggo sampeyan mas,”jawabe saudagar wadon.”
Sawise padha janji kaya mangkono, wong loro mau
nglakoni hubungan nganti puas. Wong loro mau nglakoni ora mung pisan tok
nanging yen lagi pengin iya dilakoni wae. Sawise pirang wulan wong loro mau
uwis padha sugih kabeh. saka kedadeyan kuwi mitos kaya ngono dipercaya banget
karo wong-wong sing duwe panyuwunan.
Ing versi liyane ana sing nyritakake babagan
Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan. Jaman mbiyen nalika isih ing Kerajaan
Majapait, Ontrowulan selire Raja Brawijaya. Dewi Ontrowulan isih enom lan
ayu banget. Jarak umure karo Pangeran Samudra iya ora adoh. Ora salah yen ana
kabar sing nyritakake Pangeran Samudra trsna marang ibu’e dhewe. Wektu kuwi
umure Raja Brawijaya uwis tuwa. Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan lunga ing
Demak. Nalika ing Demak sering ketemu mungkin ana rasa tresna sing njedul.
Nanging tresna kuwi ora kesampaian lan wong loro mlayu ing daerah bukit (Gunung
kemukus). Ana hasrat pengin nglakokake hubungan, nanging sadurunge nglakokake
uwis konangan karo para prajurit Demak lan di pateni ing kono. Banjur makame
dadi siji. ( nanging versi iki ora bener )
Karya “Yunara Ridha”