Selasa, 30 Desember 2014

Artikel Jawa

Basa Jawa Saiki Wis Arang  Digunakake


Basa Jawa saiki wis pancen arang digunakake, akeh bocah ing jaman saiki ora mudheng basa jawa. Awit isih cilik digladhi migunakake basa Indonesia kanggo basa padinan, kanthi mengkono basa jawa kaanggep angel. Supaya bias migunakake basa jawa kang bener kudu gladhen supaya lancer. Sak ora orane kudu bener pocapane, ngerti tandha wacan.
Kabeh guru mligini guru kang tingkat dhasar mono tugase mandhasi watake bocah, amrih besuke bisaa dadi generasi penerus kang nduweni akhlak kang kena di andelalake sarta duwe pakarti luhur. Awit jroning basa jawa mau akeh kandhungan pendhidhikan tumrap bocah amrih tansah nuhoni tumindak andhap asor, ngetrapake tata karma, tata susila, treping basa samubarang wong, lan sapiturutipun.
Bocah saiki akeh kang babar pisan ora nduweni andhap asor, sludar-sludur kaya wedhus prucul marang guru lan wong tuwa. Apa merga kena pengaruhe jaman kang saya canggih ? kanyatane senajan wulanan basa jawa wis dicacake, nanging asile meksa durung maremake. Jalaran wulangan basa jawa durung entuk papan jembar kang semestine. Wulangan basa jawa isih kaya dene tanduran tumpang sari ana pinggir galengan, saka ngendi bisane menehi asil kang maksimal. Carane ngetrapake uga durung bisa rancag, isih kecincungan, jalaran bocah durung nguwasani basa jawa. Luwih-luwih ngenani paramasastra kang ruwet.
Kanggo ngembangake basa jawa, tembang lan budayane, amrih wis lumaku rancag guru kudu bisa mandhiri. Aja nemen nemen njagakaake marang kang nduweni kawenangan. Pengalaman mbuktekake, saben ana program amrih lestari lan ngrembakane basa/budaya jawa, pancen dalane ora lancer, akeh sandhungane. Mligie ngenani prapebaya.

Carane guru bisaa nyawiji karo kelompok masyarakat endi wae kang nduweni misi nglestarekake sastra lan basa jawa. Umpamane makarya bebarengan karo sastrawan jawa, nganakake lomba ,maca basa jawa, lomba nembang lan sapiturutipun. Bab prabeya bisa golek kanthi sambat marang kang nduweni kawigaten gedhe marang lestari sarta ngrembakane basa jawa. Pokoke sembarang cara bisa dienggo, amrih basa jawa entuk papan kang jembar, merdika urip ngrembaka Wosing atur, menawa guru ndueni kreativitas kang dhuwur, bisa ningkatake kemandhirian, ngrenggesengake wulangan basa jawa kalebu tembange kanthi meneka cara, lan bisa oleh asil kang maksimal maremake, wis pada karo ndeder winih unggul generasi penerusing bangsa kang bisa diandelaake samubarange, mligine bab dhuwure akhlak luhuring pakarti


Penanggalan Jawa

PENANGGALAN PRIMBON JAWA


orang jawa,seperti juga masyarakat nusantara lainya.sangat jeli memperhatikan dan mengamati tanda-tanda alam.kehidupan mereka yang sangat bergantung kepada alam mendorong mereka untuk semakin mengenali alam.dan kemudian membuat pembakuan-pembakuan atas gejala alam yang terjadi berulang-ulang.salah satu dari pembakuan gejala alam yang tercatat dalam primbon adalah sistem penanggalan.berbeda dengan sistem penanggalan masehi yang kita kenal secara nasional. 
Penanggalan jawa sangat serat dengan makna-makna itu berkaitan dengan watak dari waktu yang berjalan.sifat manusia,pekerjaan yang cocok di simak dan masih banyak lagi,monggo mawon.

apabila ada unsur yang dirasa negatif dalam penjelasan mengenai watak penanggalan yang terurai di bawah ini.beserta hubunganya dengan kelahiran seseorang,orang jawa bisa mendekatkan diri kepada tuhan melalui ritual tertentu yang disebut laku.  Menurut catatan primbon,hari-hari yang kita lalui itu memiliki watak dan pengaruh tersendiri.hari yang orang jawa di sebut DINO,

·         hari minggu berwatak matahari,baik manis,dan menyenangkan,tapi mudah hanyut.
·         hari senin berwatak bulan,megah,senang dengan hal yang mewah-mewahan.
·         hari selasa berwatak api,curiga tak mudah percaya,tapi sering buruk sangka,
·         rabu berwatak bumi,menepati kesanggupan,pantas dalam segala hal,tapi sembrono.
·         kamis berwatak angin dan petir,peka terhadap rahasia,tapi suka pamer,manja dan tak mahu kalah dengan yang lainya.
·         jumat berwatak bintang,senang dengan hal yang suci,mengharuskan kemurnian.


·         sabtu berwatak air,serakah akan segala hal,dan ingin menonjol.

Rasa Tresna

Rasa

Aku ilang rupa ilang sejatine raga
Suwe ilang rasa . . .
Rasa seneng marang apike ndonya
Tresna marang sliramu
Sumusum sak jeroning ati
Kaya surya ngangetne bumi kangmas
Wektuku wes ilang muspra
Nanging tresna rumeksa ing wengi luputa ing lara
Teguh nglagus sliramu
Kaya cahyaneng candra ing sak jeroning wengi
Aku tresna marang sliramu cah bagus

Nganti sak enteke ing wektu

Crita

AJISAKA



Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné loro sing jenengé Dora lan Sambada. Bareng teka ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku. Déné Aji Saka karo Sembada arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku Dora wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdiné, Sembada menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé diarani Kyai Tengger.

Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amarga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka. Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané. Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
           
            Sang Prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
           
            Sakbubare kuwi, Ajisaka diangkat dadi Raja Medang Komulan. Ajisaka eling marang Dora lan meling Sembada supaya marani lan ngajak Dora urip bareng ing Medang Komulan. Sembada banjur mangkat marani Dora. Saktekane ing panggonane Dora, Sembada njaluk kerise Ajisaka lan ngabari yen Ajisaka wis dadi Raja Medang Komulan lan ngajak urip bareng ing kono. Nanging , Dora eling marang dawuhe Ajisaka supaya kerise ora oleh dielungke marang sapa-sapa. Sidane, antarane wong loro kuwi dumadi salah paham lan pada padu. Amarga pada sektine, wong loro mau mati bareng.

            Pirang-pirang minggu urung entuk kabar, Ajisaka sidane mapak loro abdine mau. Nanging, saktekane ing panggonane Dora, Ajisaka kaget amarga reti loro abdine uwis dadi bangkai. Susah lan nyesel amarga tumindake kang kurang ati-ati, Ajisaka banjur nulis tulisan ing godhong lontar. Kang teka saiki dikenal kanthi Aksara Jawa.­


Wujude Ati

 Ati, Bisa Molah-Malih

Ati mono kalebu peranganing awak sing utama. Upama awak iku sawijining komputer, ati kena dipadhakake piranti lunak. Mapane ing rongga dhadha sisih ngisor. Senajan kalebu organ jero nanging ati bisa dirogoh. Apa ora mbilaheni?
Miturut kagunane ati iku kalebu organ ekskresi, yaiku organ sing dadi papan mrosese zat-zat sing wis ora migunani tumrap awak, sing arupa cairan, kayata urin, kringet, lan uga banyu. Dene sing diasilake ing ati wujud cairan empedu, sing saben dina watara setengah liter akehe. Empedu sing wernane semu ijo iku diwadhahi kanthong empedu (vesika pelea), wong Jawa olehe ngarani peru.
Menawa saluran empedu iku katutup kolesterol bisa nuwuhake batu empedu, mahanani empedu ora bisa disimpen ing jero kanthong empedu lan langsung tumuju mlebu ing peredaran getih. Wusana warna getih dadi semu kuning, lan iki sing diarani penyakit kuning.
Ati uga dadi papane ngrombak 10 yuta sel darah merah sing wis tuwa (rusak), dadi bisa digunakake maneh kanggo kepentingan organ liyane. Lan uga minangka siji-sijine kelenjar sing bisa ngasilake enzim orginase. Dene enzim iki bisa milah-milah asam amino orginin dadi asam animo ornitin lan urea. Dene asam amino ornitin iku duwe faedah ngiket CO2 lan NH3 sing nduweni sifat racun. Mula bisa dibayangake, yen ati iku rusak, ora bisa dimanfaatake maneh. Anane mung nuwuhake lelara.
1.     Lara Atine
Yen ana wong sing dienyek utawa ora diajeni adate banjur kandha lara atine. Kamangka ora ana gangguan apa-apa tumrap “kerjane” ati. Wong iku tetep sehat wal afiat. Isih kuwat mlayu adohe sepuluh kilometer, isih bisa numpak pit, isih gelem nyambut gawe. Nanging geneya wong kasebut kandha lara atine?
Ing hadis Nabi Muhammmad SAW disebutake ing jero awak iki ana perangan sing yen kahanane apik, bakal becik kahanane umat manungsa. Suwalike yen barang kasebut rusak, bakal rusak kabeh lelakone manungsa. Barang kasebut yaiku ATI. Mangka lara iku kalebu kahanan sing lagi ora apik. Mula ora aneh yen wong sing lagi lara atine bisa nesu, ngamuk, malah nekad ngayut tuwuh. Kok ya cupet temen nalare?
2.     Ngrogoh ati , ngranggeh rempela
Apa bener ati iku bisa dirogoh? Yen diwawas saka segi ilmiah kok kaningaya temen? Nanging yen winawas sacara simbolik, cetha manungsa iku bisa dirogoh atine. Ati mujudake punjer moral sosiale manungsa. Mula yen ana wong sing kejem lan wengis, adate banjur diarani wong ora duwe ati nurani. Wong yen wis bisa ngrogoh atine wong liya sarta katurutan sedyane, adate banjur dadi ngambra-ngambra kekarepane. Yen wis oleh ati banjur kepengin ngranggeh rempela. Nglunjak, sakarepe dhewe.
3.     Mambu atine
Senajan wis dibungkus kanthi rapet lan primpen, tetela sing jenenge ati iku tetep bisa “diambu”. Mambu ati kena diarani wis dadi kembange wong urip. Kamangka yen bener-bener mambu, wah, bakal ngerteni wewadine wong liya. Beja dene Gusti Allah wis nakdirake yen manungsa iku ora duwe kaluwihan kaya mangkono. Mambu ati mung bisa dimangerteni lan dirasakake dening wong sing lagi duwe rasa sir mligine marang liya jinis. Dene sing lagi disir ora mesthi bisa ngrasakake yen ana wong liya sing lagi mambu ati marang dheweke. Mula wong sing lagi mambu ati marang wong liya adate goreh banget. Yen ora kepethuk sajak kepengin banget kepethuk, nanging yen wis adhep-adhepan adate banjur dadi blingsatan. Clegukan ora bisa ngomong. Apa maneh yen olehe “jatuh ati” iku kanggo sing pisanan sawise ngancik dewasa. Wah, wah….
4.     Ngati-ati
Geneya mung ati wae sing kanggo tandha pepenget? Apa ora ana bagiyan awak liyane sing kena kanggo pepeling lan pepenget. Upamane sikil, tangan:nyikil-sikil, njantung-jantung, lan liya-liyane?
Nalika putra-putri panjenengan arep lelungan adoh utawa nggawa barang sing pengaji, mesthi diwanti-wanti supaya sing ngati-ati. Ngati-ati aja nganti lena, bokmenawa ana copet, ngati-ati neng dalan aja menga-mengo. Apa maneh yen ana sesambungane karo dhuwit, “Ngati-ati Ndhuk anggone nganggo dhuwit, iku mung pas-pasan. Kudu cukup kanggo sawulan lho….”
Adate bocah sing dikandhani banjur muncu-muncu, “Walah Ibu iki, kok ora percaya temen karo aku.”
Pancen sing jenenge bocah durung ngerti sepira angele golek dhuwit. Ngertine mung njaluk lan kudu dituruti. Niru cilikane bapake biyen he… he… he!
5.     Bisa atos
Ati iku dadi papan dununge wateg. Wateg iku ilange yen wis dipeteg, dikubur. Wong sing atine “atos” sering disepatani wong liya. Apa maneh wong sing atine atos iku duwe panguwasa, duwe raja brana alias sugih, utawa kaluwihan liyane sing ora diduweni dening wong liya. Ing samubarang kalir njaluke menang utawa dimenangake. Anggepane apa-apa iku bisa dituku nganggo dhuwit. Dikandhani ngeyel, diwenehi ngerti ngakune wis pinter, adate omongane sengak, ana ing sesrawungan karepe kudu dadi pemimpin.
Geneya ilange wateg yen wis dipeteg? Manungsa iki asale saka lemah, lan bakal bali maneh marang lemah. Mula yen wis dipeteg dikubur neng lemah bakal bosok, ora ngribeti maneh ing pasrawungan.


Pacelathon

Ajaran Pacelathon


Bu lek  : mbak , anak mu Fitri kae kuliyah ana ngendi ta mb ,  kok aku ora tau ngerti ?
Ibu       : walah , kowe ora ngerti ta dhik.
Bu lek : boten kok mb , yen ngerti nggih boten takon mb. 
Ibu       : anakku Fitri kuliyah ana ing UNNES dhik.
Bu lek : wis dadi bocah Semarang tenan ponakan ku saiki
Ibu       : iya dhik wong ya uripe saben dina ne ana ing Semarang kok
Bu lek : lha saiki fitri ana ngendi mb ?
Ibu       : lha kae ana ing omah dhik. Fit . . .renea sik ndhuk
Fitri     : nggih bu , wonten punapa ?
Ibu       : ora ana apa-apa ndhuk. Kepriye kuliyah mu ing UNNES seneng apa ora ?
Fitri     : wahh , remen sanget bu , kancanipun kathah ugi dosenipun
Ibu       : iya wis fit , ibu iya melu seneng yen awak mu bisa sreg karo anggonmu kuliyah
Bu lek : lha anggon mu OSPEK rasane kepriye fit ?
Fitri     : menawi dipunraosaken menika wonten ingkang sekeca kaliyan wonten ingkang boten sekeca
Ibu       : lha kok bisa ngono kepriye fit ?
Fitri     : amargi sekedhik-sekedhik wonten hukumanipin
Bu lek : iya wis pancen sing jenenge golek ilmu iya ana rekasane barang
Fitri     : nggih bulek , menika sampun kula tampi kanthi ikhlas
Bu lek :iya bener kuwi fit ,  lha kepriye rasane dadi bocah kos-kosan ?
Fitri     : ruwet sanget bulek, kula badhe napa-napa kedah piyambak. Dadosipun kula kedah saged ngendum wekdal menika.
Bulek   : o . .ngono ta fit, yen ngono kowe kudu pinter-pinter anggonmu mbagi wektu ben ora sia-sia.
Fitri     : nggih bulek
Ibu       : ya ngono kuwi fit. Dadi bocah kudu pinter lan bener lan karo kanca-kanca kudu padha rukun.
Fitri     : nggih bu, bulek sugeng dalu sugeng sare
Ibu & bulek : iya fit.


Primbon pasangan

Perhitungan calon memilih pasangan

Perhitungan dalam memilih calon pasangan tidak lepas dari  'BOBOT', 'BIBIT' dan 'BEBET'.
Bobot Bibit Bebed merupakan istilah untuk melakukan seleksi awal dalam memilih pasangan yang berkualitas.
·         BOBOT diartikan dengan berbobot atau bermutu. Dari kemampuan berpikir, cara mengolah emosi dan prestasi yang dihasilkan, seseorang akan menunjukan seberapa tinggi kemampuannya serta seberapa besar bobotnya.
·         BIBIT ‘benih’ keturunan. Di mana ia dilahirkan? Siapa orang tuanya? Dari lingkungan sosial dan keluarga yang baik-baik, biasanya akan melahirkan keturunan yang baik pula.
·         BEBET – "bebedan" adalah istilah Jawa yang artinya cara berpakaian atau penampilan. Bebed menunjukan cara seseorang membawa diri, bergaul dan bertingkah laku.


Idealnya, ketiga hal tersebut di atas baik adanya.
Setelah didapatkan calon pasangan yang bobot, bibit dan bebednya baik, bahkan mendekati sempurna, ada satu hal esensial yang perlu dipertimbangkan, sebelum melangkah lebih jauh, yaitu menghitung hari, pasaran, tanggal, bulan dan tahun kelahiran masing-masing calon pasangan. Di dalam primbon terdapat perhitungan yang menunjukan apakah kedua calon pasangan tersebut, jika bersatu membangun rumah tangga akan mengalami kehidupan yang baik, atau mengalami kehidupan yang tidak baik. Calon pasangan pria dan calon pasangan wanita, yang masing-masing memiliki bobot, bibit, bebed baik, belum tentu mereka cocok ketika harus membangun rumah tangga.
Ada istilah: mencari ‘bojo’(suami/istri) itu mudah, tetapi memilih ‘jodho’(jodoh) itu susah, perlu pertimbangan dan perhitungan yang cermat.
Karena yang namanya jodoh dalam konteks ini diartikan dengan, jika pasangan tersebut bersatu akan saling melengkapi kekurangannya, saling menutupi kelemahannya dan saling menambah kelebihannya. Sehingga pasangan yang sudah jodoh ketika membangun rumah tangga, masing-masing pasangan dapat mengembangkan diri dengan maksimal.
Untuk mengetahui apakah calon pasangan tersebut jodohatau tidak jodoh, ada beberapa macam cara menghitung:
Caranya:
Hari dan Pasaran kelahiran pasangan pria dan wanita masing-masing diangkakan sesuai dengan Tabel Adan Tabel B, kemudian dijumlah. 

Jumlahnya dibagi 10 ( sepuluh). Jika dibagi 10 sisanya lebih dari tujuh, maka tidak dibagi sepuluh melainkan dibagi 7. Prinsipnya sisanya tidak boleh lebih dari 7.