Tuladha Pranatacara
Adicara Siraman Calon Pengantin
Nuwun.
Para aji sepuh, kasepuhan, miwah pinisepuh ingkang satuhu minulyeng
budi, para tamu ingkang satuhu munulyeng budi, para tamu ingkang satuhu
kinurmatan, sumonggo kulo dhereaken ngaturaken puji pangalembono miwah
syukur dhumateng Gusti ingkang akaryo jagad, nenggih Pangeran ingkang
Maha Welas lan Asih, awit saking kanugrahanipun kulo miwah panjenengan
saged makempal ing dalemipun bapak/ibu…….. Saperlu paring pangestu
tumindaking adicoro jamas pasiraman calon penganten putri nun ninggih
nimas……….

Keparengo kulo ingkang kapatah pemengku gati kinen ndereaken gatining
laksono ing wanci meniko, menggah tata rakiting titi laksono rinacik
mekaten :
Kapurwakan kanthi pambuko, saparipurnaning pambuko, risang calon
panganten putri badhe ngaturaken pangabekti dhumateng ingkang bapak
miwah ingkang ibu.
Saparipurnaning adicoro ngabekten, risang ahayu kekanthi tumuju
dhateng sasana matirto, tumuli bapak/ibu………ngracik warik pamoringsih,
saperangan tuyo pamorsih ingkang sampun rinacik badhe kakintuaken
dhumateng calon besan minongko sarono aji syarat jamas pasiraman calon
penganten kakung.
Sabidalipun utusan, adicoro matirto risang pinanganten putri tumuli kawiwitan.
Ing pethiting siraman risang calon penganten putri pinaringan sesuci,
kalajengaken bapak miwah ibu ambuko pamoring putri kanthi amecah
kendhi.
Mekaten menggah rerantaman adicoro, sumonggo tumapak adicoro purwoko,
adicoro binuko kanthi pandungo dhumateng pangeran mrih rahayuning
kerso, ndedungo kulo derek aken…sumonggonggo…
( Ndedungo )
Matur nuwun,
Tumuli kepareng ibu juru sumbogo badhe nganthi risang calon peganten
putri ngabekti dhumateng bapak miwah ibu……. Sampun kepareng bapak miwah
ibu lenggah ing papan piniji, sampun mijil saking sasana paleremana
risang ahayu badhe ngabekti wonten ing pepadanipun ingkang bapak miwah
ibu.
Kebak ing toto susilo miwah tata krama, angeko podho marak sowan ing
pepadhanipun ingkang bapak miwah ibu sarwo sumembah ngaturaken
pengabekti dhumateng ingkang romo, tangkeping asto sumembah ing jengku
ireng kanan ingkang romo, paripurno sumembah ngeningaken cipto, ngetog
kekiyataning manah, menepaken ring roso, tumuli matur imbal wawan wacono
kaliyan ingkang romo ibu :
Ahayu : “ Rama ibu ingkang satuhu kulo bekteni, wekdal puniko kulo badhe
nglampahi siraman, salajengipun badhe nglampahi dhaup kaliyan
Ahayu : “ Rama ibu ingkang satuhu kulo bekteni, wekdal puniko kulo badhe
nglampahi siraman, salajengipun badhe nglampahi dhaup kaliyan
kang mas ……….awit saking meniko kulo nyuwun pangapunten
sedoyo kalepatan kulo selaminipun kulo nherek bapak saha ibu,
mboten kesupen kulo ugi ngaturaken sembah sungkem pangabeki
sarto agunging panuwun awit sedoyo panggulowentahipun bapak
saha ibu dhumateng kulo, wiwit kulo taksih alit ngantos dewoso,
mugi mugi bapak ibu tansah pinaringan berkah saha Rohmating
Pangeran ingkang Mahawelas lan Maha asih…Amin..”
Lan kanthi sareh romo lan ibu paring pawangsulan :
Rama/ibu : “ Nini ……. Kang dak tresnani, daktampi pangabektimu, dak ngapuro
sekabehing keluputanmu, lan dak paringi pangestu anggonmu arep
ninda ake sesuci kanthi jamas pasiraman, mugo-mugo biso suci lair
bathinmu, sembodo jiwo ragamu, mung rahayu widodo kang bakal
tinemu, wiwit awal nganti akhire …amin..”
Paripurno matur dhumateng rama ibu, wangsul ngaturaken sungkem ing
pepadhaniro ingkang romo ibu, ayem ing pepadhane ingkang rama, kawuryan
kalamun ingkang rama trenyuh ing galih dupi sinungkeman pepadhaniro,
netro kembeng kembeng ngampah tumetesing waspo, ingelus elus , ingepuk
epuk pamidhangane risang ahayu, pratondho tresno asihe paring pengestu
mring kang putri.
Paripurno ngabekti ingkang romo, gyo sumungkem ing pepadhaniro
ingkang ibu, pranyoto ingkang ibu datan kuwowo angampah tumetesing
waspo, mekaten ugi kang ahayu, luh marawayan ing pankoning ibu, ingkang
putri kinasih ingaras kebak ing rasa tresno ing batos ibu ngunandhiko :
“ E ..Putriku sing dak tresnani, ora kroso dene saiki kowe wus
dewoso, wis arep mangun brayat, koyo lagi wingi kowe pada dedolanan
gegojegan dadi bocah sing lucu lan nyenengake, jebul saiki wis arep uwal
saka pangkoning ibu, anaku ngger nini…… dak pangestoni lan dak donga
ake mugo-mugo uripmu nemu kamulyan….”
Paripurno ngabekti ingkang rama miwah ibu, risang ahayu kekanthi
tumuju ing sasana matirto arso jinamas ing warih nenggih warih pamoring
sih, nun ninggih tuyo perwito sari, utawi tuyo perwito adi, sampun
kawuryan lenggah ing sasana matirto risang ahayu, tumuli
bapak/ibu…..badhe ngracik tuyo perwito adi.
Ingkang sepisan nglebetaken tuyo perwito adi ingkang kapundhut saking
tuk ingkang sampun sepuh, ancasing sedyo ing tembe gesangipun risang
calon penganten kalamun sampun dhapuk kulowargo sageto murakabi, paring
pangayoman mring sesami.
Tumuli bapak/ibu….manunggalaken sekar setaman utawi sekar tri warno munggwing tirto pamoringsih.
Sri wus ngarani ratu, taman papan ajrahing puspo, marmo pinilih
tetungguling sekar ingkang awujud tri warno, tri ateges telu, werno
jenising puspo nun ninggih sekar mawar, mlati miwah kenongo, angambar
arum gandhane sekar, amrih ing tembe kuncoro asmane risang calon
penganten.
Tumuli bapak/ibu……..manunggalaken klopo sagandheng ing salebeting
tuyo perwito adi, klopo pinilih ingkang sampun radi sepuh dados
pratondho, sampun manunggal gegandhengan ing karso,
Tekadipun ingkang badhe bebesanan awit saking manunggaling calon penganten.
Sampun paripurno rinacik tuyo perwito adi, tumuli badhe pinaringan puji dungo rahayu, dhumateng bapak…….. Sumonggo.
( Pandungo )
Matur nuwun.
Mugi dados dungo ingkang dipun kabulaken dening Pangeran, risang
calon penganten badhe saestu resik suci lair lan bathinipun, satemah
rahayu widodo kalis sambikolo.
Kepareng salajengipun bapak/ibu……… mundut saperangan tuyo
pamoringsih, badhe kekintunaken dhumateng calon besan minongko aji
syarat jamas pasiraman calon panganten kakung, bapak/ibu………kepareng
badhe utusan dhumateng bapak/ibu……sekaliyan kinen ngaturaken tuyo
perwito adi dhumateng calon besan.
Sampun winadhahan ing kendhogo tuyo perwito adi, tumuli mangarso
kangmas……. Sampun kepareng aben ajeng, mekateno pangandhikane kalamun
kawijil ing lisan :
Bpk/ibu : “ Bapak/ibu……..kulo nyuwun senjoto pitulungan dhumateng
panjenengan sekaliyan, ngaturaken tuyo perwito adi dhumateng
bapak/ibu……minongko aji syarat jamas pasiraman calon penganten
kakung, saderengipun lan sak sampunipun kulo ngaturaken agunging
panuwun…”
Kangmas : “ Nun ninggih bapak/ibu…..dhawuh panjenengan badhe kulo
esto aken, salajengipun kulo nyuwun pamit sarto nyuwun tambahing
dungo pangestu…..”
Bpk/ibu : “ Nun ninggih kangmas……sugeng tindak, mugi winantu ing
karaharjan….”
Sampun paripurno anggenyo imbal wacono, dhuto tuyo perwito adi sampun
kepareng bidhal, jamas pasiraman calon penganten putri tumuli
kawiwitan.
Kapurwakan ingkang romo, bapak………..paring jamas ing warih, sepisan
jinamas ing mustoko amrih suci ing cipto, kaping kalih jinamas ing bahu
kanan lan kering, tuyo lumeber munggwing jaja amrih suci ing rasa,
kaping tigo siniram ing samparan amrih suci ing karso.
Tumuli kang ibu nggosok kenyoh mancawarna, manca tegese limo utawi
manekowarno, warno tegese jeninsing kenyoh, warnaning kenyoh minongko
lulur sarono pambukaning pamor, pamor dumadi saking manekowarni
sumoroting cahyo, marmo linambangaken ing kenyoh awarno pethak, wilis,
bintulu, jenar, serto rekto, paripurno anggosok kenyoh monco warno
ingkang ibu ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri
kinasih.
Ingkang salajengipun, kasuwun paring pangestu ibu…………. Kanthi
pinaringan pepuji sesanti ginarujug saliro rukmi mawi tirto perwito adi,
….
Matur numun dhumateng ibu……… kepareng lenggah ing sasana sakawit,
tumuli kasuwun dhumateng panjenenganipun ibu……..sumonggo paring jamas
pasiraman dhumateng risang calon temanten.
Sambeting kondho opo tho kang minongko palenggahaniro risang calon
penganten, nun ninggih kloso bongko ingkang kinaryo mbuntel ron alang
–alang ron kopo kopo, ron awar awar, roning kaluwih, miwah roning turi
kang satuhu ngemu pralampito sinandhi.
Matur numun dhumateng ibu……
Kalajengaken ibu………… sumonggo..
Kloso bongko minongko pratondho gumelaring jagad raya, ing wanci
meniko risang ahayu sampun badhe ngancik jagading kulowargo arso mangun
bebrayan enggal.
Sewu gunging panuwun konjuk ibu…………
Kepareng salajengipun kerso o ibu………paring jamas pasiraman calon penganten putri.
Ron alang alang tuwin ron kopo kopo pralambang panyuwun mugo mugo
anggone mangun brayat agung ora ono alangan opo opo. Ron awar awar
sedoyo pepalang miwah sambikolo sampun binawar tawar satemah mung rahayu
kang tansah tinemu.
Matur nuwun dhumateng ibu……..
Salajengipun sumonggo ibu……..
Ron kaluwih ngemu pralampito mugi mbenjing risang calon penganten
tansah pinaringan kaluwihan, luwih ing drajat, pangkat miwah semat,
satemah kajen kineringan mring sesami, cekap ing sandang miwah bugo.
Matur nuwun ibu…………..
Tumuli ibu………… kepareng paring pengestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri.
Roning turi minongko panyuwun dhumateng poro kasepuhan miwah winasis
paring pitutur dhumateng risang calon penganten putri, sinambi paring
siraman kasdu paring pitutur ingkang dumeling ing talingan, pitutur poro
leluhur sagedo dados dedamar anggenipun risang calon penganten putri
lumebet ing madyaning bebrayan agung, matur nuwun.
Sampun cekap, jangkep pitu ingkang paring pasiraman mring sariro
rukmi calon penganten putri, mugi luhuring budi poro pinisepuh saged
lumeber mring risang pinanganten, maknanipun gunggung pitu ingkang
paring jamas pasiraman, mugi risang calon penganten tansah pikantuk
pilutulunganing pangeran, sarto tansah darbe watak suko paring pitulung
mring sesamining dumadi.
Salajengipun keparengo ingkang bapak………..paring sesuci mring risang calon penganten putri.
Tuyo kawijilaken saking kendhi pratolo, tuyo siniramaken waroto
saranduning sariro, ilining tuyo datan kendat, pratondho sempulur ing
samudayanipun, sampulur kayuwananipun, sempulur rezekinipun, sempulur
kaluwarganipun, miwah sempulur samudayanipun.
Sampun telas isining tuyo ing kendhi pratolo, salajengipun
ibu………tumuju majeng ing sangajengipun risang calon penganten putri,
ingkang ibu badhe mecah pamoring sang dyah ayu………..
Kanthi niatan : “ Niat ingsun ora kmecah, mecah kendhi, nanging mecah
pamore putriku……………” ( pyaaaaaaaaa…..rrrr ) ……Wus pecah pamore…”.
Mekaten kolowau menggah tumapaking adicoro jamas pasiraman calon
penganten putri, bapak ibu…………..saestu ngaturaken agunging panuwun
dhumateng para kasepuhan saha pinisepuh ingkang sampun kepareng paring
pangestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri, mugi
luhuring budi panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti kang Maha Hayu…
Amin.
Risang calon penganten putri tumuli kekanthi ing sasana piniji
saperlu ninda aken adicoro salajengipun nun ninggih upacoro ngerik.
Dhumateng poro tamu kepareng wawan pangandikan, langen suko sinambi
ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun kaladosaken mring poro
kadang kaneman ..sumonggo.
Salajengipun upacoro ngerik risang calon penganten putri,
kapasrahaken dhumateng paraga ingkang ninda aken saha tinanggenah
nglaksana aken upacoro ngerik manten …. Sumonggo.
sumber :
http://kidemangsodron78.wordpress.com/pranatacara/adicara-siraman/