Minggu, 11 Januari 2015

Kesenian Ebeg

Ebeg' adalah jenis tarian rakyat yang berkembang di wilayah Barlingcakeb (Purbalingga,Banyumas,cilacap,kebumen). Varian lain dari jenis kesenian ini di daerah lain dikenal dengan nama kuda lumping atau jaran kepang, ada juga yang menamakannya jathilan (Yogyakarta) juga reog (Jawa Timur). Tarian ini menggunakan “ebeg” yaitu anyaman bambu yang dibentuk menyerupai kuda berwarna hitam atau putih dan diberi kerincingan.

Penarinya mengenakan celana panjang dilapisi kain batik sebatas lutut dan berkacamata hitam, mengenakan mahkota dan sumping ditelinganya. Pada kedua pergelangan tangan dan kaki dipasangi gelang-gelang kerincingan sehingga gerakan tangan dan kaki penari ebeg selalu dibarengi dengan bunyi kerincingan.

Jumlah penari ebeg 8 oarang atau lebih, dua orang berperan sebagai penthul-tembem, seorang berperan sebagai pemimpin atau dalang, 7 orang lagi sebagai penabuh gamelan, jadi satu grup ebeg bisa beranggotakan 16 orang atau lebih. Semua penari menggunakan alat bantu ebeg sedangkan penthul-tembem memakai topeng. Tarian ebeg termasuk jenis tari massal, pertunjukannya memerlukan tempat pagelaran yang cukup luas seperti lapangan atau pelataran/halaman rumah yang cukup luas.

Waktu pertunjukan umumnya siang hari dengan durasi antara 1 – 4 jam. Peralatan untuk Gendhing pengiring yang dipergunakan antara lain kendang, saron, kenong, gong dan terompet. Selain peralatan Gendhing dan tari, ada juga ubarampe (sesaji) yang mesti disediakan berupa : bunga-bungaan, pisang raja dan pisang mas, kelapa muda (dewegan),jajanan pasar,dll. Untuk mengiringi tarian ini selalu digunakan lagu-lagu irama Banyumasan seperti ricik-ricik, gudril, blendrong, lung gadung,( crebonan), dan lain-lain.

Yang unik, disaat pagelaran, saat trans (kerasukan/mendem) para pemainnya biasa memakan pecahan kaca (beling) atau barang tajam lainnya, mengupas kelapa dengan gigi, makan padi dari tangkainya, dhedek (katul), bara api, dll. sehingga menunjukkan kekuatannya Satria, demikian pula pemain yang manaiki kuda kepang menggambarkan kegagahan prajurit berkuda dengan segala atraksinya.

Biasanya dalam pertunjukan ebeg dilengkapi dengan atraksi barongan, penthul dan cepet. Dalam pertunjukannya, ebeg diiringi oleh gamelan yang lazim disebut bendhe.

Makanan khas dari daerah ngapak namanya mendoan. Mendoan itu dibuat dari tempe yang tipis digoreng sama tepung terigu setengah matang, dimakan saat masih hangat dengan  cabe.  

Tembang Asmaradana


Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Asmarandana ugo Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Metrum: Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
8-a, 8-i, 8-é, 8-a, 7-a, 8-u, 8-a.

Tuladha
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima


Sabtu, 10 Januari 2015

Tata Cara Adat Penganten Jawa


Tata Cara Adat Penganten Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.


Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten

Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.


Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.


Ijab kabul
Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.


Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.

Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.


Antya Basa Lan Basa Antya

Antya Basa Lan Basa Antya
Antyä bäsä lan Bäsä Antyä

Tembung ngoko andhap iki ana werna loro, yaiku; Antya basa lan Basa Antya. Sanajan pakartining basa kasebut wis ora klebu etungan ana ing undha usuking basa, prayogane ngreti, apa sebabe ing KBJ I tembung dilebur dadi ngoko alus.
Panèwu lan Mantri iku duwé kalungguhan satimbang. Ing ngisor iki, äntäwacänä antarané Panèwu lan mantra, minängkä patuladhan. Antyäbäsä [AB], bäsä antyä [BA] lan ngoko [N].
1. Panèwu [AB] ; “Sariramu apa bisa nêrangaké têmbung ngoko andhap kang akèh kramané bédané karo ngoko andhap kang akèh ngokoné”.
Mantri [BA]; “Gampil baé yèn wis sumêrêp pathokané, nanging ora käyä pandangumu mau, ora kok kathah kramané utäwä kathah ngokoné mêngkono, pancèn wis binédakaké”.
2. Panèwu [N]: “ Kêpriyé bédané lan pathokané”
Mantri [BA] ; mêngkéné
a. Sami nganggé krama inggil
b. Sami nganggé atêr-atêr lan panambang ngoko
c. Sami nganggé têmbung ngoko kang ora kénging dikramakaké käyä tä: ora, mau, sasaminé, iku ora kênä dikramakaké dadi: botên, wau. Déné têmbung ngoko kang kénging dikramakaké, käyä tä: dhisik, duwé, sasaminé, iku kénging dadi rumiyin dangu.
Luwih gamblangé;
Antyä bäsä : Sariramu tak aturi ngêntèni dhisik: ora suwé.
Bäsä antyä : Panjênêngamu tak aturi ngêntosi rumiyin, ora dangu.
Mantra [ BA] ; Sarèhning änä warni kalih, Ki Padmäsusasträ amènèhi aran: antyäbäsä lan bäsä antyä, amargä pärä pujänggä katilapan ora nganggit prakärä iku, bokmênäwä kagalih saking kêrèmèhên.
[N]. änä pirä bäsä ngoko kang ora kêna dikramakaké.
[BA]. Ora patos kathah, sanès dintên baé tak cublikaké säkä Sêrat Urapsari anggitané Ki Padmäsusasträ, sanèsé kang kasêbut ing sêrat iku kénging dikramakaké sadäyä.
[N]. Mêngko: tä, aku duwé Layang Urapsari nanging ora tau tak wäcä, saking ora pati dhêmên, mung anggêré tuku dadi tak orokaké baé, mêngko tak jupuk sadhélä: gilo.
[AB]. Paringnä, lah iki äpä sing tak aturaké, änä ing käcä sadäsä dumugi kalih wêlas.
[N]. Wacanên baé pisan.
[N]. Iyä.
[AB]. Punikä têmbung ngoko ingkang botên kénging dipun kramakakên mênggahing bäsä antyä, kados tä: änä, êndi, ora, arêp, aku, iki, iku, utäwä, isih, äpä, äjä, iyä, amargä, ênggon, ko, känä, kéné, kono, karo, kapan, kêpriyé, kang, durung, dak / tak, dudu, saiki, sapränä, sapréné, saprono, samänä, saméné, samono, sing, wis, lagi, pirä, dhèk, jaré, mu, mau, manèh, mênäwä, mênyang / marang, mung, mêngko, mangkänä, mêngkéné, mêngkono, baé, nganti.
Atêr-atêr: di, sartä panambang: /é, aké, né/. liya iku sadäyä kénging dikramakaké.
[BA]. Saiki rädä padhang atiku, dadi bäsä kang ora kênä dikramakaké iku käyä tä: iki, yèn dikramakaké dadi punikä, iku ora kênä, awit dadi bäsä.
[BA]. Iyä mêngkono
[AB]. Ingatasé aku mênyang sariramu mung nganggo krämä inggil baé (dhahar) ora ngramakaké têmbung ngoko (abang) srabiné abang dhaharên, äpä ora digsurä.
[BA]. Ora, wis lêrêsé mêngkono, déné yèn karsä ngagêm angramakaké têmbung ngoko sêsêlingan satunggal kalih, srabiné abang dhaharên écä, saya prayogi, ngêtingalaké andhap asoré, nanging bäsä antyä mung kêdah nganggé krama baé, srabiné abrit dhaharên écä.
[N]. Nanging satêmêné prakärä iku ora pati pêrlu, awit ora änä wong calathu marang bangsané dhéwé Ora dimangêrtèni.
[BA]. Aku mung nyumanggakaké panggalihmu.
[N]. Saiki mung kari siji kang diarani ngoko lugu, iku sing êndi.
[BA]. Gampil baé, iya têmbung: aku, kowé, sapanunggalané kang ora kasêlan ing têmbung krämä, krämä inggil, utäwä madyä.
[ki. Padmasusastra]

sumber : https://kidemangsodron78.wordpress.com/kawruh/antya-basa-lan-basa-antya/

Sejarah Bahasa Sanksekerta










Naskah Devimahatmya dari Bihar atau Nepal, abad ke-11.

Kata sifat saṃskṛta- berarti "berbudaya". Bahasa yang dirujuk sebagai saṃskṛtā vāk "bahasa yang berbudaya" secara definisi sudah selalu merupakan bahasa yang "tinggi", dipakai untuk keperluan agama dan keperluan ilmiah serta bertentangan dengan bahasa yang dipakai oleh rakyat jelata. Bahasa ini juga disebut deva-bhāṣā yang artinya adalah "bahasa Dewata". Tata bahasa Sanskerta tertua yang masih lestari ialah karangan Pāṇini dan berjudulkan Aṣṭādhyāyī ("Tata Bahasa Delapan Bab") yang kurang lebih ditarikh berasal dari abad ke-5 SM. Tata bahasa ini terutama merupakan tata bahasa normatif atau preskriptif yang terutama mengatur cara pemakaian yang baku dan bukan deskriptif, meski tata bahasa ini juga memuat bagian-bagian deskriptif terutama mengenai bentuk-bentuk Weda yang sudah tidak dipakai lagi pada zaman Panini.
Bahasa Sanskerta termasuk cabang Indo-Arya dari rumpun bahasa Indo-Eropa. Bersama dengan bahasa Iran, bahasa Sanskerta termasuk rumpun bahasa Indo-Iran dan dengan ini bagian dari kelompok Satem bahasa-bahasa Indo-Eropa, yang juga mencakup cabang Balto-Slavik.
Ketika istilah bahasa Sanskerta muncul di India, bahasa ini tidaklah dipandang sebagai sebuah bahasa yang berbeda dari bahasa-bahasa lainnya, namun terutama sebagai bentuk halus atau berbudaya dalam berbicara. Pengetahuan akan bahasa Sanskerta merupakan sebuah penanda kelas sosial dan bahasa ini terutama diajarkan kepada anggota kasta-kasta tinggi, melalui analisis saksama para tatabahasawan Sanskerta seperti Pāṇini. Bahasa Sanskerta sebagai bahasa terpelajar di India berada di samping bahasa-bahasa Prakreta yang merupakan bahasa rakyat dan akhirnya berkembang menjadi bahasa-bahasa Indo-Arya modern (bahasa Hindi, bahasa Assam, bahasa Urdu, Bengali dan seterusnya). Kebanyakan bahasa Dravida dari India, meski merupakan bagian rumpun bahasa yang berbeda, mereka sangat dipengaruhi bahasa Sanskerta, terutama dalam bentuk kata-kata pinjaman. Bahasa Kannada, Telugu dan Malayalam memiliki jumlah kata serapan yang terbesar sementara bahasa Tamil memiliki yang terendah. Pengaruh bahasa Sanskerta pada bahasa-bahasa ini dikenali dengan wacana Tat Sama ("sama") dan Tat Bhava ("berakar"). Sementara itu bahasa Sanskerta sendiri juga mendapatkan pengaruh substratum bahasa Dravida sejak masa sangat awal.

Cerkak Ngoko

Ganteng-Ganteng Prengus [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

Sakwijining sore ing lapangan pinggir ndesa
“Kowe ngapa to Pras? Rupamu kaya karung goni rung disetrika limang sasi” Yudhi sing ujug-ujug njedhul ing mburi wit mahoni marai Pras njumbul merga kaget
“Sontoloyo Yudhi, tak kira kowe memedi salah mangsa, awan-awan koq gentayangan” Pras ora uwis-uwis olehe misuhi kancane sinambi neruske ngalamun lan nguwasi wedhus-wedhus ing ngarepe sing lagi mil kethemil mangan suket
“Aku mau saka omahmu, ngendikane Ibumu kowe lagi angon wedhus sing arep dienggo qurban ning kene, yo wis tak parani” ujare Yudhi
“Wo ngono” Pras njawab aras-arasen
“Ya ampun Pras, jian tenan ogh tiwas aku rekasa tekan kene nemoni wong aras-arasen ngene, males ah mending aku balik nggarap PR” Yudhi wis siap-siap mulih nanging sakdurunge niate balik kanan maju jalan kaleksanan saka pinggir lapangan katon bocah sing pawakane rada subur  setengah mlayu karo bengak-bengok
“Praasss Yudh, woiii ono berita dukacita ki!!!”
“hadeuh ketambahan provokator, ora sida balik aku” Yudhi sing wis ngadeg balik lungguh maneh
***
Saktekane Pandu ing panggonane Pras, Yudhi langsung nakoni kanca rakete iku
“Ono opo maneh ki Pan? Awas nek beritamu ra penting kowe tak kon ngglundhung ngubengi lapangan ping sanga”
“Iki berita gawat iki Yudh, nganu aku mau kan lewat ngarep omahe Endah, hayo bedheken ono sapa ning terase?”
Pras sing maune ora nggagas blas karo critane Pandu langsung njenggirat kaget krungu jenenge Endah disebut karo Pandu, tapi merga gengsi Pras ming meneng wae tapi kupinge dipasang ngluwihi kuping gajah.
“Sapa Pan?” Yudhi penasaran
“Bagas” Jawabe Pandu cekak
“Heee?? Bagas? Koq iso?” Pras sing ora iso ngapusi atine dhewe langsung takon Pandu sajak ora percaya
“Koq iso? Yo iso lah Pras, wong Bagas yo kancane Endah, pitakonanmu ki yo ora nggenah” Yudhi ngromet kaya manuk bence
“Wah Yudhi ki ora peka blas ogh persis anggota dewan yang terhormat sing jarene wakil rakyat tapi blas ora tau mikirne rakyat” Pandu sing biasane cengengesan mendadak serius
“Lho maksudmu?” Yudhi isih plonga-plongo
“Pras cemburu mas bro…CE E EM BE U ER U tau???”
“Wooo…kuwi to maksude hahahahha..sori sori nyuwun ngapunten mas bro, aku lali ogh” Yudhi ngakak ombo tapi langsung diendegke dhewe merga melas nyawang praupane kancane sing langsung alum kaya taplak kurang teres.
***
Sakwise katelune meneng-menengan sauntara wektu…
“Hmm..aku dadi ngerti saiki Pras, kowe akeh ngalamun lan jarang ngguyu gara-gara mikir Endah yo?” Yudhi takon karo ngati-ati
Pras sing ditakoni ming manthuk alon
“Crita lah Pras, dhewe kan best friend, one for all all for one” Pandu sok-sok an ngenggres nerokne jagoan tri maskenthir
“Sakjane dudu masalah Bagas sing marai aku rada sedih, tapi…” Pras sengaja nggantung omongane
“Tapi apa Pras?”
“Masalahe saiki koq Endah kaya sengaja ora gelem ketemu aku, saben papas an mesti dheweke ngadoh, aku kan dadi kepikiran opo wis nate gawe salah” Pras tambah ndungkluk persis wit pari kabotan isi
“Ya, mungkin kuwi ming perasaanmu wae kali Pras, nek tak pikir sih Endah ora mungkin kaya ngono, bocahe kan apikan banget” Yudhi ngayem-ayemi atine kancane
“Yowislah Pras, jenenge wae bocah wedok, biasane kan mood-moodan sapa ngerti sesuk wis apik kaya wingi-wingi” Pandu njajal dadi wong bijak
“He em Pandu bener, mending dhewe bal-bal an wae” Ujare Yudhi karo ngetokna bal saka tas sing ono ing gendongane
“Horeeeeee……ayo ayo, olahraga sisan angon” Pandu nyemangati Pras sing wis rada njenggelek
***
Katelune rerangkulan mlaku alon bebarengan mlebu tengah lapangan, nanging durung suwe mak bedundug Pandu mbengok Sora
“Pras, kowe rung adus pirang taun sik?”
Yudhi sing uga ngambu ganda arum jamban melu mencureng nyawang kancane. Pras sing dadi tersangka utama langsung masang tampang tanpa dosa persis narapidana kasus hambalang, karo plengah-plengeh dheweke njawab
“Aku wis adus yo isuk mau sakdurunge sekolah, tapi kan saiki aku mesti ngrumat wedhus-wedhus titipan sing dienggo qurban dadi yo harap maklum nek ambuku prengus”
“Wooo…yokuwi jawabane, wis cetha nek iki seribu persen yakin  aku” Yudhi langsung malangkerik karo bengak-bengok persis peserta demo bayaran
“Jawaban opo Yudh?” Pandu isih during ngeh
“Jawaban kenapa Endah saiki ngadohi Pras, alesane yo ming siji Pras merga ambumu ra nguati, nek sinetron terkenal kae jenenge GGS lha kowe ki GGP” Yudhi akhire ra kuat nahan guyu
“GGP opo Yudh?”
“Ganteng-Ganteng Prengus hahahaha”
Pandu sing krungu omongane Yudhi langsung melu ngakak nganti wetenge lara.
“Bener kuwi Pras, sori ya Bro, lha koq ndadak Endah, aku wae sing bocah lanang wis meh semaput mambu prengusmu opomaneh Kenya resikan kaya Endah, mending saiki dhewe bali ngandangne wedhusmu, terus kowe adus sing resik, sabunan, keramas, nganggo parfum terus dolan kono ning omahe Endah ngomong nyilih catetan wulangane Bu Wiji ndhik isuk” Pandu langsung menehi ular-ular sing dawane ngluwihi anaconda
Pras ming cengar-cengir krungu omongane kanca kenthele, karo mesem dheweke ngambu awake dhewe lan eseme ilang saknalika.



Cerkak

Pupus
Cerpen Bahasa Jawa


Pari neng sawah wis mrekatak kuning rata lan mentes-mentes, seminggu maneh bisa dipanen. Atine nyicil ayem dene cepakan dhuwit kanggo mbayar sekolahe anake wis ana. Marni sing wulan iki arep ujian akhir SMU kepingin neruske kuliah ana pertanian bakal kelakon.
Anak mbarep digadhang-gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh gaweyan sing bayare maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Karo rengeng-rengeng mecaki galengan, Karjo ngubengi sawah sinambi ngusah manuk-manuk emprit lan glathik sing arep neba.
Tekan omah esem lan guyune renyah kaya bocah cilik kang lagi kalegan atine sebab keturutan karepe.
"Kok sajak seneng atimu Pakne, ana apa ta?" bojone takon nlesih. "Beres, dhuwit pasedhian kanggo golek sekolahe anak mbarep wis ana"
"Genahe pripun ta Pakne!"
"Iya genah bae, karo meneh ya gak pripan-pripun." Ngono olehe semaur nganggo dialek Jawa Timure sing medhok.
"Pancen rada ora genah, kesambet na ngendi ki mau"
"Onten napa ta Mak, kok ndremimil dhewekan!" anake mbarep njedhul mulih sekolah.
"Bapakmu kae Iho delengan mesam-mesem dhewekan kaya wong lagi kesurupan”
"Napa enggih ta Pak?"
"Sapa sing kesurupan. Ya Makmu iku sing rada nglimbung."
"Bapak kok sajak seneng antuk rejeki nomplok napa"?
"Dudu rejeki nomplok sebab menang tombokan, nanging delengen kae na sawah parine wis padha kuning mrekatak seminggu engkas panen!",
"Kula saget kuliah onten pertanian yen ngaten nggih Pak?"
"Kuwi jeias ndhuk. Sebab butuhe bakal kecukupan"
"Lha aku kebagian apa Pak?" anake lanang sing nomer loro njedhul mulih sekolah nyela-nyela takon.
"Ya mengko sisane dhuwit sing dianggo golek sekolahe mbakyumu kena kanggo kowe"
"Sida ganti sepedhah tenan bakale”
“Sepedhahmu kae kurang apik pa? Kok dadak njaluk diganti?"
"Nggih mboten! Namung kurang sip"
"Wis kono salin terus mengko barmangan ngewangi Bapak ndandani pager sing sisih mburi!"
Awan kuwi kang Karjo kanthi ati sing mantep dandan pager direwangi Sardi anake sing nomer loro ya sing ragil, karan kang Karjo anake ya mung loro. Mbarepe wadon jenenge Sumarni sekolahe ana SMU klas telu wis ngadhepake ujian akhir dene Sardiyono anake lanang sing nomer loro ana SLTP klas loro.
Najan uripe pas-pasan kang Karjo ora ngresula, anane mung rumangsa sukur marang pangeran sebab rezekine tansah lumintu tekane.
Bubar dandan pager reresik awak banjur salin penganggo sing rada pantes, ganthane arep dolan nggone Babah Acheng perlu takon rega gabah.
"Dengaren macak! Arep nyang ngendi Pakne?" sing wadon takon nalika ketemu ana latar ngarep.
"Nggone Babah A-cheng takon rega gabah!"
"Karo pesen mesin doser pisan nggone Kaji Marwan"
"Yoh. Ngestoke dawuh Dalem!"
Yu Karjo ora wangsulan, nerusake anggone reresik jogan ngarep omah. Omah joglo kuna tinggalane wong tuwane kang Karjo diupakara kanthi permati ngelingi omah tinggalan sing ora melu mecel mung kari ngenggoni. Najan omah wis rada tuwa nanging yen diupakara ya katon isih apik.
"Bapak nyang ngendi Mak kok sajak perlu banget?" pitakone Marni metu saka njero ngomah terus lungguh ana dhingklik emper omah.
"Takon rega gabah nggone Babah Acheng!"
"Kapan ta Mak panene?"
"Yen ora ana alangan kira-kira seminggu maneh"
"Apik ya parine?"
"Kandhane Bapakmu parine apik, mentes-mentes."
"Ya sukur ben payune akeh bisa kanggo ragat golek kuliahan"
"Melua ndedonga bae ben kekarepanmu keturutan"
Lagi bae anak karo simbok rembugan ora kanyana Bardi blantik teka uluk salam banjur takon.
"Kang Karjo nyang endi Yu, kok sepi?" pitakone.
"Ki maeng lagi metu nyang nggone Babah Acheng takon rega gabah karo mampir nggone Kaji Marwan mesen closer kanggo panen seminggu maneh"
"Arep di panen dhewe pa? Ora di tebaske? Yen ditebaske tak petunge piye?"
"Ya ... kana rembugen karo Bapake Marni yen mengko wis teka"
"Ana pirang kothak ta Yu?"
"Pitung kothak kurang sithik"
"Njaluk pira Yu saben sakwintale?"
"Aku ora ngerti Mas, wong maeng Bapakne Marni ora pesen apa-apa." "Ya wis Yu! Aku njaluk pamit disik. Mbokmenawa mengko ketemu takjake rembugan"
"Iya sakarepmu anggere Bapakne Marni cocog regane"
Blantik Bardi sing gaweyane adol kewan sinambi dadi tukang tebas pari banjur mulih diuntapake bojone Karjo tekan latar.
Mulih saka nygone Babah Acheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar regad Marni golek papan kuliah.
Menungsa wenang ngrancang nanging Gusti Allah sing nemtokake. Sore udan ora leren-leren nganti rong dina rong bengi. Hawane atis lan dalan ngarep omahe jenes amarga kesiram banju udan sing ora ana kendhone.
Bubar Maghrib keprungu swara kenthong titir lan ora suwe keprungu wong undang-undang jenenge.
"Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune mbludag arahe mrene" mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
"Apa, Dham Buntung ambrol?"
"Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!"
Enggal-enggal Karjo salin pengganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake neruske sekolahe.
Arepa dikupiya bebarengan nanging gedhene banyu ora bisa diajak rembugan. Banyu mili kimplah-kimplah ora bisa dicegah. Tegal jagung duweke mbah Wongso diterjang bablas ora ditinggali apa-apa babar pisan. Kabeh digondho! Ian diawutawut turut iline banyu. Karjo enggalenggal mlaku ngunclug menyang sawahe. Katon pari sing sepasar maneh dipanen padha rubuh ketrajang banyu banjir saka jebolan Dham Buntung.
Atine angles meruhi kahanan sing mengkono mau. Angen-angen oleh duwit panen Hang musna mung kari eluh sing tumetes metu ora kerasa. Ing bathin maneges marang sing Kuwasa.
"Duh Gusti punapa lepat kawula ngantos Paduka andhawahaken bebendu ingkang kados punika"; ngono pangresah atine. Banyu banjir isih mili lerap-lerap kaya miline tangise ati sing lagi nampa pacoban. Dina sesuke durung ngerti embuh kepiye kawusanane. Amung Gusti kang mangerteni.


Cerpen Bahasa Jawa: Pupus
saking Majalah Panjebar Semangat